Kaca:Panjurung.pdf/116

Kaca iki durung katitiwaca

SEPASAR GEGER Wakidi

Persis limang dina saka anggone palakrama, rumah tanggane Novita wis wiwit ana padudon antarane Novita lan Pramudita. Amargo padudon mau ora salumrahe manten anyar, mula tangga teparo padha kaged kang nemen. Jalaran ana manten anyar kok anggone padu nganti dibumboni tembung kang ora samesthine kawetu saka tutuke manten anyar.

“Tenan, aku pilih mati utawa dadi randha sajege urip tinimbang urip bareng karo wong kang duwe uteg kebo! Ndableggg! Jampeng. Rai gedheg! Huh, kapusan tenan aku!”

“Ita!” Pramudita mbengok karo mentheleng.

Novita ora enggal mangsuli. Novita ndhungkluk karo nangis mingseg-mingseg, tangane tengen ngremet-ngremet rambut tangan kiwa nggunyer-nggunyer pupune.

“Ita, kowe bisa omong apa ora?!” Pramudita mbaleni takon.

“Tanpa guna aku mangsuli pitakone kerbau dungu, cukup sepasar wae anggon kita omah-omah! Ora sudi aku urip sesandhingan karo pria kang ora duwe rasa tresna sejati marang wong wadon! Kowe wong lanang gombal ora bisa menyelami perasaane wong wadon! Kaya ngono kok sarjana psikologi! Sarjana gombal! Sarjana kaya kowe kuwi ngisin- isini alimamatere!”

“tah.

“Sepisan maneh, tanpa guna aku mangsuli pitakonmu. Nanging tampanana tembung-tembungku iki, lan ngertiya yen ing wektu iki wis mutusake minggat saka omah iki yen wong tuwaku ora kersa nundhung minggat kowe! Cukup!”

“Tia!” pambengoke Bu Harsono kang wis ngadeg ana ing ngarep lawang kamare manten anyar.

“Tbu, aku tak minggat wae, mantumu sing ngguanthueng buan get kuwi openana!” saurane Ita karo nuding ibune.

“Ita , kuwi rak bojomu, ta?” Bapakne nyaut saka njaban kamar.

“Bener, Pak. Nanging rak wiwit biyen aku ora tresna, nanging

102