Kaca:Panjurung.pdf/122

Kaca iki durung katitiwaca

Pranyata lelakonku pancen kudu daksangga, awit dikaya ngapa bangganing wanita kang tansah winengku ing samubarang kewuh. Sewelas taun aku omah-omah karo Prayitna ora duwe rasa katresnan babar pisan, nanging menawa dirungu kang padha pirsa kok ya aneh. Ora tresna kok bisa tuwuh loro, nyatane limang taun aku omah-omah lagi pinaringan momongan siji, yaiku Sena Eka Nugraha. Let patang taun adhine metu ditengeri Atik Dwi Candrarini. Sanadyan kaya ngapa aku tansah mbudidaya supaya bocah loro ora gela, nanging ya jeneng bocah mesthi mothah werna-werna. Sena nyuwun supaya dipundhutake bal kang gedhe, Atik nyuwun boneka kang bisa nangis dhewe. Gandheng aku ora duwe pemetu, mula bocah-bocah dakdhawuhi matur bapake.

Saben-saben bapake disambati, wangsulane durung ana bonus saka kantor. Malah kepara nguman-uman kang ora kepenak dirasakake ana kuping. Saking pegelku kepeksa aku nyambung swara kang wus dakarah-arah, nanging kepara dheweke mara tangan marang aku. Yen ngene iki aku kelingan ngendikane Bapak Ibu kang ora jumbuh karo ngendikane. Saiki aku ora bisa nyalahake sapa-sapa kejaba mung salahku dhewe, kok teka gampang temen nglakoni omah-omah tanpa duwe katresnan. Jroning lamunanku saiki katon gawang-gawang Mas Har, rikala aku sakloron lungguh ing dhingklik dawa sangisoring wit ketepeng lan wit keben saloring Candhi Nandhi. Dheweke nyritakake lelakone Dewi Sinta mapan ing taman Asoka, kanthi runtut lan komplit kepara diselingi tembang kinanthi kang cakepane mangkene.

“Anoman malumpat sampun, prapteng witing nagasari, mulad mangadhap katingal, wanodya yu kuru aking, gelung rusak wor lan kisma, kang iga-iga kaeksi.”

Krungu swara empuk arum aku mak les ngerti-ngerti ing pangkone Mas Har, Bareng aku gragapan arep tangi aku diwenehi sasmita supaya ngepenakake dhisik, kanthi layap-layap aku manut lan isih krungu tembang dhandhanggula kang unine:

“Pamintaku nimas sida asih, atut runtut tansah reruntungan, ing sarina Jan ratrine, datan ginggang sarambut, lamun adoh caketing ati, yen cedhak tansah mulad, sida'asih tuhu, pindha mimi lan mintuna, ayo bareng nimas anetepi wajib, sida asih bebrayan.”

Menawa dakgagas, pancen bener ngendikane Mas Har, menawa

108