Kaca:Panjurung.pdf/128

Kaca iki durung katitiwaca

Bebarengan mlaku tumuju pasar, Mitri tansah nyritakake oleh- olehane olehe nyambut gawe ana kutha, dene Minar tansah njinggleng anggone ngrungokake rumangsa ketarik banget.

“Nar, gelem pa kowe melu aku? Mengko kowe daksuwunake gaweyan karo juraganku. Gaweyane entheng, ning dhuwite lumayan.” Kandhane Mitri karo nyawang polatane Minar. Dhasar prasasat wong kepetengan ditawani obor, mula gage olehe wangsulan.

“Tenane Tri, teneh aku seneng banget yen kowe bisa nggolekake pegaweyan kanggo aku. Wis ta gaweyan apa wae janji aku bisa, aku saguh.”

“Kandhakuiki tenan Nar, dakkira kowe bisa, mergane mengko rak ya nganggo dilatih barang. Ning ya kuwi Nar, nyambut gaweku kuwi kaya dene kontrak. Nek seneng lan krasan bisa terus, ning nek ora sajroning telung sasi lagi entuk metu. Dadi wektu telung sasi lagi entuk metu, Dadi wektu telung sasi kuwi kowe bisa ngrasak-ngrasakak sumbut ora gaweyan lan pituwasmu,” Mitri nerangke.

Tanpa nganggo mikir dawa, Minar gage saguh, sajak ora sabar maneh.

“Wis, Tri, pokoke kapan kowe bali neng kutha, aku melu. Aku pengin ndhang nyambut gawe ben bisa kaya kowe,” kandhane Minar mantep.

“Minggu suk emben aku wis kudu bali kok, Nar, mula sadurunge pikirer sing tenan, dene nek iya kowe siap-siapa, suk budhal bareng aku.” Rembug wis dadi, pas tekan pasar kekarone sowang-sowangan blanja kebutuhane dhewe-dhewe.

Dina Minggu esuk, bocah loro wis padha ana dalan gedhe ngadhang bis. Sajroning ngadhang bis, Mitri ngandhan-ngandhani Minar.

“Nar, senajan randha ning juraganku kuwi sugih banget mangka ora duwe anak. Omahe gedhong magrong-magrong cacahe telu. Sing ngarep dhewe kanggo losmen, dijenengi Losmen Arum Ratri. mBurine kanggo pondhokan wong-wong sing padha nyambut gawe ana kono, klebu bocah-bocah anyar sing isih kudu dilatih kaya kowe barang kuwi. Dene gedhong sing ana iringan, kuwi sing dienggoni juraganku karo rewang- rewang. Ya saka konoiku juragane bisangawasi losmen lan buruh-buruhe, Jiwat wong-wong sing dipercaya.” Mitri mandheg, nyawang raine Minar

114