Kaca:Panjurung.pdf/129

Kaca iki durung katitiwaca

sing ketok nggatekake.

“Wah, durung-durung aku kok wis ana rasa wedi dhisik ya Tri, gek mengko aku ora ketampa. Aku rak mung cah ndesa, tur durung pengalaman.” Pangresahe Minar lirih lan lugu.

“Wis ta, aja samar. Cekake yen karo aku mesthi ditampa. Aku rak wis kandha, yen kabeh bocah anyar kuwi mengko dilatih dhisik. Mula welingku, kowe kudu tansah manut prentah lan aturan sing wis ana. Ora kena mbantah, lan kowe ora bebas sakarepmu dhewe. Kejaba yen kowe mengko wis tatrap nyambut gawe, lan entuk palilah saka juragane.”

“Mengko yen aku wis wiwit nyambut gawe, bisa amor karo kowe Ora, Tri?” Minar nanjih kepingin luwih ngerti.

“Ora Nar, tugasku rak ana njaba. Dakkira yen kowe wangun ana losmen, ngacarani tamu sing arep padha nginep.”

“Mesthine rak ya isih ana sing bodho kaya aku ya, Tri?” Pitakone Minar sing polos mung diwangsuli esem dening Mitri.

Bis sing padha diadhang liwat, bocah loro banjur padha munggah.

Tekan kutha, Minar dipasrahake Bu Candolo, ngono yen padha Ngundang juragane dening Mitri. Sabanjure Minar pancen dipapanake ing pondhokan. Neng kono ana bocah anyar wolu, racake padha yen karo Minar, Sajroning rong dina, Minar sakancane sasat mung mangan turu, kanggo ngaso, jarene.

Nyandhak dina sing katelu, Minar sakanca diwenehi sandhangan anyar patang setel. Kabeh dikon njajal nggoleki pase awake dhewe- dhewe. Emane, Minar ora ana sing seneng. Yen bahane pancen becik, ning potongane? Sasat kabeh jigrang sandhuwur dhengkul, gek belahan dhadhane? Oh ... lagi njajal wae wis risi. Ning priye, neng kono kudu manut sakabehe, ora kena mbadal prentah.

Dina candhake, isih esuk teka ing pondhokan sawijining ibu sing Menor pacakane, Bu Wingit undang-undangane. Ya dheweke iku jare sing arep nglatih. Sepisanan, bocah-bocah iku dikenalake karo alat-alat kosmetik, sabanjure ngresiki rai, molesake wedhak, celak, lipstik, lan sapanunggalane. Bubar iku njur ngadibusana. Jroning batin Minar gumun, kok mung bab dandan sing diwulangake, njur kapan olehe arep nglatih nyambut gawe? Kanthi diwanek-wanekake, Minar takon marang Bu

Wingit.

115