Kaca:Panjurung.pdf/133

Kaca iki durung katitiwaca

“Panjenengan nglampahi nakal, mBak?” Pandangune alus ning nandhes.

“Inggih, Dhokter.” Wangsulane Minar lirih semu mlengos.

“Sampun dangu?” Dokter nanjih,

“Sampun .... wetawis kawan taun, Dhokter.” Minar mangsuli jujur.

Karo nerusake mriksa, dhokter dhawuh, “Saenipun kendel mBak, Panjenengan sampun kenging penyakit ingkang mutawatosi, siphilis utawi rajasinga.”

“Siphilis, Dhokter? Oh...”

Sakala Minar nangis, atine kebak rasa wedi, was, lan sumelang sing mbangeti. Merga mens sing terus-terusan, wusanane dening Bu Candolo Minar dikon ngalih turune, Sing maune neng kamar pondhokan, saiki dikon ngalih neng gudhang, awor karo barang-barang sing ora kanggo. Merga wis ora bisa ngolehake dhuwit, bola-bali Bu Candolo ngakon Minar supaya bali ndesa, kanthi kasar, tanpa duwe rasa welas sithik-sithika,

Jeglek, lawang dibukak kasar, njalari lamunane Minar dadi ambyar. Bu Candolo nggejejer neng tengah lawang, kanthi panyawang sinis.

“Minar, nek arep bali apa duwekmu kabeh gawanen, aja nganti ana sing keri!” Bubar kandha ngono terus klepat, ninggal lunga kanthi lawang gudhang isih menga moblah-moblah,

Awak lara ketambahan ati sing ajur mumur, Minar ninggalake gudhang cukup pamit sing jaga. Kanthi laku sempoyongan tumuju dalan gedhe, Minar nyegat bis saanane, tekade angger bisa adoh saka kono. Bab mengko embuh dipikir keri. Wayah Asar, bis mandheg cedha'< pasar ngundhunake penumpang, Minar katut mudhun, Ndadak wetenge krasa kumat larane, mangka obat wis entek kawit dhek wingi. Tanpa mikir dawa, Minar mlebu pasar sing wonge wis mamring. Weruh amben dhasaran kosong, gage ndudut jarik saka tas, ploso ss lempitan jarik kanggo bantalan, Minar turon, Larane krasa suda. Kegawa awak sayah, kena sumribiting angin sumilir, Minar keturon, Nglilir-nglilir bareng wus surup, gregah tangi lingak-linguk kahanan sepi nyenyet. Tas sing mau dikekeb Wis ora ana. Ngisor amben dhasaran, tong sampah ing sisihe, ngisor uwuh ngonggrok dibiyaki pranyata ora ana. Ati bingung kuwur, awak lemes.

119