Kaca:Panjurung.pdf/134

Kaca iki durung katitiwaca

Bareng tita ora ketemu, Minar ambruk ing amben, sambate ngaruwara. Dhuwit, mas-masan lan sandhangan kabeh ilang bareng sak tase. Saiki wis babar pisan ora duwe apa-apa, kejaba sandhangan sing tumempel ing awak lan jarik siji. Tangise nganti megap-megap, luhe prasasat wis asat, nggetuni kabeh lelakone. Kanthi Jambe kedher Minar sambat-sambat eling marang Gustine.

“Dhuh Gusti, kawula tiyang dosa nyuwun pangapunten. Kawula nyuwun kekiyatan.” Ngono iku terus tansah dibolan-baleni.

Ya wiwit wengi iku Minar kepeksa turu ing pasar iku. Yen wayah awan kanggo nyambung uripe, dheweke njejaluk lan nampani sihe wong sing padha welas. Apesing awak, wetenge Minar larane kumat, ngluwihi sing uwis-uwis. Pangrasane kaya wulanan, ning wetune getih sendhet tur kenthel gek ambune ..., ya ampun, Minar dhewe gumun, geneya ora kaya sabene. Sandhangan ora tau salin, jarik sing kanggo ubet-ubet wis orarupa maneh. Yen Minar liwat, wong-wong mesthi mithes irung, Mula janji Minar nyedhak, racake padha nyingkang-nyingkang ngakon lunga, wegah karo gandane. Panandhange Minar saya tambah abot. Gandheng ana pasar tansah entuk panyia-nyia, Minar metu saka pasar, tekade arep ngemis wae turut omah, mesthine rak ya ana wong welas.

'Awan iku panase sumelet, wiwit esuk durung ana wong sing aweh pangan, ewadene Minar isih duwe pengarep-arep mesthine mung durung. Bokmenawa mengko ya ana wong welas sing gelem aweh

pangar Omah sauruting dalan sing didhodhoki, sawise meruhi kahanane Minar sing mambu lan njijiki, akehe mung banjur nguncali dhuwit receh terus nutup lawang. Rasa susah, lara, ngelih campur dadi siji. Saka lemese, Minar ndheprok neng pinggir dalan. Mripate bali teles dening luh, luh gegetun tangis keduwung sing tulus saka jroning ati, Ngelingi rasane awak wis kaya ora kuwat, Mirah ngeremake mripate mbaleni sembahyang, pasrah sawutuhe konjuk Gusti mungguhing uripe. Rampung sembahyang, nalika ngelekake mripate Minar weruh yen ing sabrang dalan ana Greja. Sanadyan lawang regol tutupan, ning Minar weruh ana jaka tanggung ing iring Greja. Dheweke mesthekake menawa iku koster. Karo krengkangan Minarngadêg, kanthi laku sing sempoyongan dheweke marani prenahing regol. Tekan lawang regol bali sedhoprok maneh. Tangane grayahan nemu yahu cilik banjur dijupuk kanggo nuthuki wesi lawanging regol. Sing lagi

120