Kaca:Panjurung.pdf/135

Kaca iki durung katitiwaca

nyapu krungu banjur marani karo takon saka njero.

“Ngapa nuthuki lawang?”

“Tulung, Mas! Aturna aku arep sowan Rama,” kandhane Minar melas.

Koster anyar sing isih katekumen iku nyedhak arep ngengakake regol, ning bareng mak sentuk ..., ana ganda nyogok irung tur weruh sesawangan sing banget njijiki, koster mau kandhek ora sida bukak regol ning malah rada mundur.

“Rama tindakan, kondure sukemben.” Bubar iku terus nggeblas lunga. Oh ...., genea koster iku tanpa nduwe welas karo aku. Mangka sowanku mono mung arep ngaku dosa, kareben entheng sesangganing atiku. Ngono batine Minar. Tangise bali ambrol, sambate kejaba Gusti sih Gusti, ...., wis ora ana maneh, Kanthi sisa-sisaning kekuwatane, Minar nerusake laku sedhela leren mandheg ngampet larane, Saka esuk tekan surup wetenge ora klebon pangan, gek gulune krasa salit garing. Pas tekan ndhuwur kreteg nDanen, Minar nglumpruk tanpa daya entek kekuwatane.

Wengi iku meneri rembulan ndhadhari. Ning gandheng kesaput mendhung mula padhange dadi remeng-remeng. Nyawang bening lan kumriciking banyu kali, ngelake Minar saya mbangeti. Ning kepriye? Dalan sing tumuju kali perenge dhuwur, mangka awake wis ora kuwat ngglawat. Bisane mung sambat, “Dhuh Gusti ...., kawula nyuwun kawelasan.”

Wengine sangsaya sepi. Saka sunaring rembulan, ing adoh sisih ngisor kana Minar weruh pawongan. Dene pawongan mau uga nyawang prenahe Minar. Tangane Minar ngawe pinangka aweh pratandha supaya wong mau nyedhak. Tekan ngisor kreteg pawongan mau mandheg, Minar nganggo isyarat tangane nelakake yen dheweke njaluk banyu, Sing neng ngisor tanggap, gage methik godhong lumbu, dianggo madhahi banyu banjur digawa munggah.

Tekan ndhuwur, tanpa ditembung, pawongan mau ngethukake banyu ing godhong lumbu sing ana tangane ing tutuke Minar, Minar olehe ngombe katon dhokoh, wedi yen diuwali, tangane wong mau dicekeli kenceng. Nganti krasa marem olehe ngombe, awak krasa seger sumyah bali kekuwatane. Kaya-kaya wis ora ngrasakake blas lelarane. Mbarengi

121