Kaca:Panjurung.pdf/136

Kaca iki durung katitiwaca

b.

Minar ngadeg arep ngaturake panuwun, pawongan mau mbuang godhong lumbu sing mau kanggo nggawa banyu. Tratap ..., Minar kaget. Jebul epek-epek tangan lelorone wong sing aweh banyu mau gudras getih, tatu

| ing tengah-tengahe. Minar nyoba namatake raine. Pawongan mau mesem,

ning ora beda raine uga glubrat getih, mili saka bathuk Jan sirahe sing

IN ketanceban ri kaentha makutha.

9 Oh....oh....., batine Minar isih kebak tandha pitakon ing atine. Bareng cetha panyawange, wong iku ngliga tanpa sandhangan, mung bageyan winadi sing kesasaban ubel-ubel, Minar nglirik iga sakupenge. Mripate natab lempeng sing tatu kaya tilas kejojoh barang landhep, sing tatu mau isih katon ngetokake getih lan banyu, Gage mlorot panyawange Minar mudhun namatake sikile wong kang aweh banyu mau. Kekarone tatu? batine Minar, Bali munggah panyawange, wusana tempuk wong mau uga nyawang Minar kebak asih. Sakala mripat lan atine Minar tinarbuka. Tanpa mangu-mangu Minar gage ndheprok. Sikil sing tatu tembus dlamakan iku dirakut kenceng, diarasi sak katoge,

“Dhuh Gusti Sri Yesus... Panjenengan kula padosi. Gusti kawula nyuwun pangapunten, sapunika kawula ndherek.” Bola-bali mung iku sing kawetu jroning tangise. Rumangsane Minar, Gusti ndhungkluk nglawani Minar ngadeg, wusana ginandheng, tinuntun tumuju dalan alus.

| Saka kadohan wus katon, yen sing tinuju iku papan sing endah lan

| nengsemake. | “Esuke kabar sumebar, yen ing ngisor kreteg kali nDanen tinemu jisime wong wadon, sing sajake kacilakan tiba saka ndhuwur, Sirahe kurban sumendhe ing gampeng kali, dene awake kekum ing banyu sing iline mung gumlintir. Wong-wong ora ana sing padha ngerti kuwi jisime sapa, lan wong ngendi, awit pancen ora ana bukti-bukti sing bisa nuduhake.


122