Kaca:Panjurung.pdf/142

Kaca iki durung katitiwaca

RARA BUNTET Bud L. Worang


Bang-bang bangun esuk, katungka jago kluruk sesautan, sadhengah peksi rame sesautan mrepegi miyose Bethara Surya barengan angumandhang swara azan Subuh. Jejaka kasep, Drs. Jumadi, enggal gregah tangi, ananging geseh saka pakulinan ora olah raga ngukur dalan kliling kebon nggiring kirik klangenane, Mripat isih rembes anggone suryan durung tuntas resik, sing dijujug pakaryan nomer sitok, ngisik-isik reca prawan nglegana kang isih digarap, kari ngrampungi jempol sikil perangan kiwa.

Seniman lulusan program studi tata riyas dhekorasi iki nyatane wasis nyipta karya kang dudu keahliyane, Kasile ora nguciwani, nyolong pethek gawe gumun. Geneya? Reca prawan dedeg sapengadeg manungsa ginawe saka bebakalan lilin impor kang ora murah regane. Ora kladuk aweh pengalembana, endah sulistya rupa, dhadha sacapak kembene bangkekan saganjel linggihe tekan pupu mliding sakempole, datan kocap kentekan tembung luwih becik dinulu soca samareme. Prin g reketeg gunung gamping gempal, cengkir gadhing mentheg-mentheg, semangka montok mendal-mendal. Tuh butuh kupu mliber salang tunjang, pupune mrusuh kempole njantung gedhang,

Malah perangan-perangan badan kang ngemu rambut, ora keri dikompliti. Saka rambut sirah kang panjang n grembyang mengarep meh sangisor puser tekan rambut wulu cumbu kang alus ngrenggani driji-driji sikile, rambut asli ora palsu kang tinuku saka salon, Wose pindha widadari

Nawangwulan ngambali nitis,

Reca prawan kang pinuja-puji iki laire ora tanpa dadakan, ora mung karana ilham mrocot, kaya kucing tiba kejeblos epyan suwek. Rikala telung wulan sadurunge, satengahing fajar surya, sunare cemlorot tanpa aling-aling mega, tawang biru sumilak rinengga lintang sayuta, kadya inten katawurake ing angkasa. Selagine Jumadi nglimbang-nglimbang angen- angene ing plataran omah mburi sangarep sanggar pribadhi.

“Wengi endah mangkene, pancen kudune ana kanca prawan ayu kang gelem dakjak cengkerma ....”

128