Kaca:Panjurung.pdf/143

Kaca iki durung katitiwaca

Ngalamune Jumadi nglambrang ngleyang kabur kanginan, ora karuwan juntrungane marga kasepen. Jumadi ngelus-elus bathuke dhewe sing rada bothak, karo mijeti jempol sikile tengen sing kaya bet ping-pong lan gedhene meh samunthu watu item prodhuksi dhusun Borobudur.

“Mas Jum, Mas Jumadi!”

Cluluke swara lembut sawijining kenya tanpa dinuga sangkan paran asal-usule, kang ditempelake ana talingane Jumadi. Jejaka kang kagyat njenggirat durung kober pitakon, swara kenya nutugake wicarane.

“Timun diiris-iris, tela gantung kulite katut, Ngalamun ora uwis- wis, ati bingung kebacut-bacut”,

“Mengko dhisik ta, sapa njenengan, Jeng, tanpa kula nuwun ujug- ujug nylonong mrene? Baud timen gawe parikan.” Pitakone Jumadi plegukan.

“Sedyaku ngancani njenengan, Mas Jum. Mesakake timen seprana-seprene urip ngijen.”

Kenya ora wangsulan, tanpa suba sita amit klamit njujug nglungguhi pangkone Jumadi ngajak cecengkerma. Jumadi ora kewagang tumindak, kejaba ngelekake mripate kekaro karo ndemek clanane.

“We lha dalah, jebul ngimpi aku. Lagi wae makthekluk ketekan prawan tiban ,..”

Dina-dina candhake ora nganti seminggu, Jumadi mborong lilin imporrong karung kanggo miwiti nyoba ngreka yasa reca kaya kang ana ing alam impene. Nganti ngancik telung wulan, kang ora bisa dirampungi jempol sikil perangan kiwa.

“Trima nglokro aku, kareben bae malah dadi ciri lan jati dhirine. Ngendi ana manungsa sampurna. Kowe daktengeri aran Dewi Rara Aryati kang jempole gedhe siji. Aryati, harak cocog karo lagu Aryati kae, ujung mulutmu dicium mesra tadi malam ....”

Jumadi trima mupus, tinimbang ora ngrampungi gawe mung katanggor jempol sikil kiwa kang rada mblendhuk.

Nyandhak bacute, pinuju sore ngancik wayah Maghrib, udane deres tanpa kendhat. Banyu gemrojog mbanjir kadya kaesokake saka langit jalaran bendhungan dhadhal, ora bisa ngawekani krodhane Bethara Samodra. Bledheg sesamberan barengan cumlorote kilat buwana saya gawe giris. Jumadi metu saka sanggar papane makarya, niyat nginebake

129