Kaca:Panjurung.pdf/144

Kaca iki durung katitiwaca

cendhela-cendhela, dumadakan makjegagig. Jumadi nginjen emperan saka buri kaca rayben cendhela. Sawijining kenya lencir ngeyub sandhangane teles klebes, tangane sedhakep ngampet awake kang katisen. Jumadi ngengakake lawang karo cluluk, 4

“Jeng ...., mangga Jeng! Mangga ngeyub tindak mlebet kemawon. Mangga lumebet ngriki!”

“Matur nuwun. Kula ndherek ngeyub ngriki kemawon.”

“Mangga ta, Jeng, tindak mlebet kemawon. Toya jawah tampu mlebet emper sedaya!” Jumadi isih meksa kenya, amrih gelem mlebu omah.

“Matur nuwun. Kula nuwun ....” Sang kenya ora kuwagang nampik, campur perkewuh temahan mlebu merdhayoh nunut ngeyub. Jumadi ngacarani tetepungan, kenya ngeyub arane Asih.

“Punika wau saking pundi, Jeng?”

“Saking kitha, madosi dalem Jalan Munggur nomer selangkung, nanging boten kepanggih. Saged ugi klentu, kula madosi nomer seket kalih ugi kecele, ngantos kebethengen keterak jawah deres punika.”

“Griya kompleks ngiriki punika namung cacah selikur, Pancen wontêr malih Jalan Munggur, kompleks sanes sakidul kitha. Lha wong gawe jeneng bae padha, kaya kentekan nama. Damel ribet tiyang kathah ta niku.”

Sabanjure Jumadi nyuguh kopi anget, sanyamikane kanggo tamba tulak masuk angin. Obrolan saya ndadra ngiras kanggo imbuh pacitan sinambi ngenteni terange udan, Nanging udan tetep beleng wegah leren nadyan sakedhap netra, banyu rob sakupeng ratan, sawernaning kendharaan mogok njalari macet ngebaki marga.

Gancaring carita, Jumadi kladuk nawani nginep, gandheng kendharaan umum wus entek, dene mobile Jumadi dhewe ditinggal ana proyek penggaweyan ing Bali saengga ora bisa kanggo ngeterake. Kawitan Asih kipa-kipa nampik kurang prayoga prawan ngineb omah jaka cengkah susila, nanging kepepet kepriye maneh, ketimbang ing tembe nandang lelara kaya kang kasebut paru-paru basah utawa longon- steking, ora dadi baya sauger kuwawa njaga badanira.

Ananging sing jeneng jejaka kasep sawijining jalma manungsa dudu dewa dudu malaikat, ora lidok ketaman SOB. Jaman Presiden

130