Kaca:Panjurung.pdf/146

Kaca iki durung katitiwaca

“Iki prastawa dudu sabaene. Sajak sing mbaureksa kene suthik dakajak mapan tembayatan.” Jumadi grenengan, karo menyat ngengakake lawang methukake Yu Tajem mlebu makarya.

“Yu, bubar reresik, ayo enggal nggotong reca wedokan kae gawa metu deleh ana plataran buri.” Prentahe Jumadi cekak.

Jumadi nglumpukake manekawarna uwuh garing didokok sangisor reca prawan, asil karyane kang endah iku. Tanpa ngetung siji loro telu, korek jess nyulut uwuh, sakala agni bul murub makantar-kantar reca kang pinuja-puja leleh ajer lumer tanpa tilas,

“Kowe dudu Dewi Rara Aryati kang dakpuji, nanging Rara Buntet tetmethethet. Andum slamet, kapok aku wus kojiret ....!” Jumadi wicara dhewe.

Tutuge bundhet, Jumadi saenggale bakal boyong omah alihan papan.

132