raja iku jan kena kanggo janganan tenan. Ngiringan omah ana blumbang isi lele, sing ndhuwure dianggo kandhang pitik sing isine mung sethithik. Kebone ana wit gedhe-gedhe werna-werna, kambil, gedhang, pelem, lan liya-liyane. Ing kebon ana kandhang wedhuse.
Suminem cekat-ceket, olah-olah, nutupi jendhela, ngurupke lampu, kabeh ditandangi kanthi trengginas lan seneng.
“Kok olehe bikut ki arep ngapa ta, Sum, kok beda karo adate?” Karno takon karo bojone.
“Arep neng nggone Bu Karja, Kang!” Semaure Suminem, “didhawuhi Bu Er We nekani kumpulan kejar paket A.”
“Kejar paket A! Ora kleru pangrunguku, Sum?” Pitakone Karmo karo sajak gumun. “Kelompok belajar paket A iku rak kanggo sing durung duwe ijasah Es Dhe, ta? Kamangka kowe wis duwe ijasah Es Em Pe. Kanggo apa kowe melu kejar paket A kuwi?”
“Karang iya je, Kang. Dhek emben kae neng kumpulan PKK ya wis dirembug ngono. Rame je Kang. Lha wong sing durung duwe ijasah Es Dhe kuwi mung telu, lha kok kon gawe kelompok belajar paket A sing sakelompok anggotane sepuluh uwong,” Suminem njlentrehake.
“0 ..., ngono ta, njur kowe dienggo tombok. Ben Bu Er We dialem ngono, pa?” pitakone Karno.
“Ora mung kuwi Kang. Er We kene dikon gawe rong kelompok. Harak nganakake wong rong puluh ta. Pokoke dhaftarke mlebu,” semaure Siminem karo mlerok.
Plerokane Suminem kuwi sing marakake ati lanange Karno obah.
“Aeng Sum, olehe tombok wae saka ngendi. Kok ngawur ya. Lha banjur olehe gawe kelompok ndadak loro barang ki ya ben apa?”
“Karang kuwi ben Pak Dikmas Kecamatan dialem pendhuwure je, Kang. Ana dhuwit binaan Rp60.000,00 kanggo sakelompok. Dadi Er We kene entuk dhuwit Rp120.000,00 ta! Kuwi kena kanggo paitan usaha bebarengan kejar paket A,” wangsulane Suminem kaya menehi ceramah.
“Dadi genahe kabeh-kabeh a-be-es ta, Sum. Asal bapak senang.” Kandha ngono kuwi Karno karo nyruput wedang jae senengane sing dicawisake Suminem.
“Ya ngono kuwi, Kang. Yen aku iki rak mung duwe ijasah Es Em Pe. Lah Bu Murtiman sekaliyan kae wis padha lulus Es Em A. Piye
134