Kaca:Panjurung.pdf/151

Kaca iki durung katitiwaca

“Aja ngono, Kang, pisan pancen kanggo aku dhewe, kanggo mbaleni pasinaon sing lali lan nambah seserepan. Pindhone kanggo ndhidhik anak sing ana njero weteng, ben besuk sregep sinau.” Wangsulane Suminem karo mbenakake bantal kang didokok ana pernah wetenge.

“Ndak ora merga ngapusi pemerintah, ben dikira kene wonge isih padha 3 buta,” Karno nyelani.

“Ya ora ngenyek ngono, Kang,” Suminem mangsuli, “aku rak mung manut dhawuhe bu Er We, tur aku ya mundhak pinter to, Kang. Disik aku mung bisa gawe besek karo tompo, saiki bisa gawe kap lampu, yen didol payu larang lo, Kang. Celenganku meng Kas Kejar Paket A suk rak ya kena kanggo tuku popok.”

“Lha nek olehe nglairake ngarepake ujian piye, Sum?” takon ngono Karno karo ngelus-elus wetenge bojone sing tansah penjelat-penjelut dianggo bal-balan anake.

“Muga-muga wae bisa kanti, bayine lair sabubare ujian,” wangsulane Suminem ngemu pangarep-arep, “ayo, Kang, padha nyenyuwun muga-muga anake dhewe bisa lair kanthi slamet sakabehe, nurmal, lan dadi bocah sing apik.”

Sidane ujian persamaan Es De dianakake ana gedhung Es De Inpres ing wayah sore, Sing melu ana wong 40 saka telung Er We. Suminem lungguhe ana mburi. Marga wetenge wis nyengkal, bola-bali Suminem tansah ngadek. Ana kelase Suminem ujiane gayeng, ger-geran lan takon-takonan, Ana kalane sing nunggoni ujian malah ngandhani. Saya ana wulangan IPA sing suwe ora kesrambah, pengawase akeh olehe ngandhani.

Tekan ujian sing keri dhewe, wetenge Suminem krasa slemet- slemet, pegele boyok ndadi, mula olehe nggarap wis ora jenjem. Andekna dheweke meksa n grampungake garapane, banjur age-age mulih ndhisiki. Tekan ngomah srok, dheweke inggal tata-tata lan kon ngeterke bojone menyang omahe bu bidhan.

Selapan dina saka anggone ujian, omahe Suminem rame. Wong wadon padha olah-olah ana pawon, bocah prawan duwe ayahan ngeterake tonjokan lan ulih-ulih. Wong lanang reresik omah ngarep, ana kang nyilih klasa lan bala pecah saka panggonane Pak Dhukuh. Bengi iku arep ana tirakatan selapanan bayi wadon anake Karno karo Suminem.

137