Kaca:Panjurung.pdf/155

Kaca iki durung katitiwaca

“He ...e, priye, To?”

“E ...e, ngene Mas, dina iki aku pamit ora bisa melu latihan teater 1. merga ana acara liya sing ora kalah penting.”

j “Acara apa?”

“Ngene Mas, dina iki aku kudu nekani undhangan saka Balai Penelitian Bahasa, yaiku melu upacara kanggo mengeti dina Sumpah Pemuda lan dhiskusi babagan sastra Jawa.”

“Acara kuwi, tenanan ora ngapusi?”

“Tenan, Mas!”

“Wani sumpah?”

“Lha mbok sumprit!”

“Ha..ha..haa..kok sumprit, ta, To?”

“Lho... kok malah ngguyu, Mas?”

“Lha, iya tembungmu lucu, je. Lambemu kok bisa ngucap sumprit iki mau kepriye?”

“Oh...iku wis saradan, Mas, Aku seneng tembung sumprit kok, Mas, Sing cetha yen mengko ana wektu aku mesthi niliki latian, Mas.”

“Sumprit?...”

“Sumprit, Mas!”

“Ha..haa..haa, Okel!, To tak ajeni anggonmu gelem pamit lan ngomong jujur, Wis ngono wae? Pokoke yen bisa, teka.”

“Nggih, matur nuwun, Mas.”

Sawise iku Sutoto nggendring tumuju Balai Penelitian Bahasa. Ing ndalan rumangsa luwih seneng utawa ana rasa plong merga wis menehi kabar marang Sanggar Embun. Katambah maneh Mas Gareng minangka pimpinan ora nesu. Malah ana geguyon sing banget ora dinyana, yaiku tembung “sumprit'. I. 5

Ing Balai Penelitian Bahasa, Sutoto melu acara mbaka siji kanthi tertib lan seneng. Ora ana sing nguciwani. Kabeh penguruse ramah- tamah. Kacipta rasa “asah-asih-asuh”, Nyenengake.

Udakara jam 12.00, acara ing Balai Bahasa wis rampung. Sutoto banjur “tancep gas” tumuju omahe Mas Gareng, Ing ndalan tansah diincoki pitakon, bubar-durung. Sing dijaluk latihan durung bubar.

Tekan ing ngarepan omahe Mas Gareng, kendharaane kanca- kanca tumata tharik-tharik. Sawise cucul jaket banjur mlayu mlebu, tumuju

141