Kaca:Panjurung.pdf/156

Kaca iki durung katitiwaca

papan latihan. Ndilalah ing kamar tamu ketemu Emi, adhine Mas gareng, sing lagi ngolak-alik utawa nata koran.

“Ekh ..halo Emi, rampung durung ya latihane?”

“Durung Mas, lagi wae padha ngaso, kok,” wangsulane Erni.

Sutoto terus nerusake playu tumuju ruangan mburi, papan latihan. Tenan, latihan durung rampung. Kanca-kanca lagi padha ngaso katitik padha ngadhep gelas sing dikancani panganan.

“E..Sumprit...teka!” sawijining kanca mbengok nalika Sutoto mlebu ing papan latihan.

Kabeh padha ngguyu, lan akeh sing ngucapake “Sumprit- sumprit..sumprit ...!” kaya “vokal grup” nyanyi.

Cemplon mlayu nyedhaki, kaya pemain sinetron wae, ngomong mangkene “Kanjeng Sumprit, sugeng rawuh, sumangga lenggahe.”

“Oh, njih nimas Cemplon, matur nuwun.”

Kabeh padha ngguyu gayeng maneh. Kalebu Sutoto dhewe, melu ngguyu, sanadyan durung mudheng guyonan mau. Alias, ing waliking guyune kebak pitakon. Dheweke banjur thenguk-thenguk nyedhaki Mas Gareng sing tujune lenggah ing pinggir dhewe.

“Ing dina Sumpah Pemuda iki kowe oleh parapan anyar, To.”

“Lha, kok bisa, Mas?”

“Merga anggonmu sumprat-sumprit nalika tilpon mau esuk, dakcritakake marang kanca-kanca. Aku ora ngira kanca-kanca banjur padha kompak, sarujuk marapi kowe Sumprit.”

Sutoto mung bisa nyengir.

Sumprit.

142