Kaca:Panjurung.pdf/157

Kaca iki durung katitiwaca

sd

TUNANGANKU

Asoka M. Dewi

“Apa kowe isih panggah tresna marang Santi, An?” pitakone Heru katon aneh. Kepriye olehe ora aneh, Santi kuwi tunanganku, ya mesthine wae aku tresna satus persen ditanggung halal!

“Apa kupingmu budheg?”

“Budheg? Aha ... kupingku isih orisinil, Ru ... durung tau direparasi.” Aku nyekakak, ora ngrewes rupane Heru sing kaya kertas diremet. Pating tlekuk!

“Andi! Aku serius, Iho!”

“Rong rius, ya oleh,” aku isih nyengenges. Heru nyengir jaran.

“An, ning kampus rame!”

“Rame? Demo mahasiswa? Reformasi apa maneh ....”

“Ah, babar pisan ora ana gandheng-cenenge karo perkara kuwi. Iki bab Santi!”

“Santi? Ana apa Santi?”

“Wah! Pokoke heboh, wis!”

“Heboh piye, ta?”

“Ah... kowe ki mbudheg, apa ora ngerti temenan, Wis suwe aku krungu solah-bawane Santi yen kulina njupuk barange liyan, Masa kowe ora krungu? Katone wae dheweke kuliyah, mahasiswi, ngalor- ngidul nggawa tas, nggawa buku, kabeh mau mung dienggo kudhung tumindake sing ora becik.”

Kandhane Heru runtut, kaya guru sing lagi mulang. Aku banjur kelingan swargi eyang yen minuturi. Ah, Heru pancen wasis, sanajan umure sababag karo aku, nanging alam pikirane luwih diwasa. Wangun yen bapak nitipake aku marang dheweke.

“Piye ... piye kandhamu? Coba omonga maneh!” daksawang Heru tambah jengkerut,

“Critane ngene, An. Santi njupuk kalunge kancane sapondhokan. Nanging gobloge Santi, kalung mau malah dienggo kuliyah. Ya mesti wae konangan. Maling ki yen durung profesional ... kurang teknis!” celathune

Heru sengit.




143