Kaca:Panjurung.pdf/158

Kaca iki durung katitiwaca

“Ah, yen perkara kalung aku wis krungu, nanging kalung mau rak dudu emas, ta? La wong kalung seka merjan wae kok diributake.”

“Bah seka emas, bah seka merjan. Sing baku kalung mau rak dudu duweke, ta?”

“Sajake Santi lagi nggawe kagetan. Ben kondhang ning fakultase,” dakcoba nutupi rembug.

“Kondhang? Kondhang apane?”

“Kondhang jenenge, ngono!”

“Puiiih! Kondhang jenenge jalaran nyolong? Puiiih, becike bok putuske wae sesambunganmu marang dheweke. Pisan, jenengmu katut kecangking. Ping pindho, ora apik kanggo turunmu, apamaneh isih minyik- minyik anggonmu kuliyah. Wis ta, manuta apa kandhaku,” ujare Heru karo nggeblas ninggalke aku sing isih mlongo.

Aku ora isa mutuske ngono wae. Separo atiku percaya kabar santer sing sumebar, nanging separo atiku omong mokal yen perkara kuwi pancen kasunyatan. Santi, sawijining kenya sing dakngerteni pribadine ora ana celane. Ora mung sesasi rong sasi, ning wis tetaunan anggonku tetepungan.

Lan sajroning sesambungan, aku ora nate dikuciwakake merga tumindake sing ora becik. Mula yen aku kudu mutuske sesambunganku mung merga kabar angin... wah, aku perlu wektu kanggo nglacak bener utawa luput warta kuwi. Yen uwis, lagi bisa mutuske apa becike tumrapku.

Sore lagi wae lingsir, aku leyeh-leyeh ing kamar pondhokan. Sepi dakrasa ora kaya adat sabene. Biasane anggonku ngaso keganggu bengoke Anton, mahasiswa kedhokteran sing wis kondhang braoke. Utawa Budi mahasiswa ISI sing seneng gegitaran lan tetembangan. Nanging sore kuwi sepi. Ora ana swara cemuwit sethithika. Dumadakaan lawang didhodhog, nuli krungu swarane Heru nyeluk aku.

“An! Bukak lawange!”

“Mlebu! Lawang ora dakkancing!” semaurku, Lawang menga. Heru gage-gage mlebu karo krenggosan, sajak ana rembug sing wigati.

“An! Cilaka kowe! Santi kecekel neng Indah Depi. Store! Santi njupuk bros mawar sing regane ora sepiroa. Nylekuthis ora? Nyolong ki ya sing barang larang sisan, dadi tanja karo le kecekel,” celathune Heru gemreged.

144


[4