Kaca:Panjurung.pdf/164

Kaca iki durung katitiwaca

ana ing perumahan sacedhake kampung kono.

“Kok kadingaren Bu, wonten kersa menapa?”

“Ngene ya Yu... tekaku iki arep njaluk tulung kowe.”

“Ngersakaken mundhut tulung menapa?”

“Nek kowe gelem, aku rewangana momong putu-putuku ... kae lho anake Tejo sing nyambut gawe neng kantor Pajek.”

“Kados rak sampun wonten pamongipun ta?”

“Tya bener. Ning saiki wis matu. Nek pamite mono mung mulih tilik wong tuwane, ning jebule saline wis digawa kabeh.”

“Inggih, kula nyuwun wekdal. Kula pikiripun lan kula ugi kedah tantunan dhateng Sumini rumiyin.”

“Ya ning aja suwe-suwe, yen bisa sesuk kowe wis menehi keterangan. Oh iya nek kowe sesuk saguh, takblanja pitungpuluhlima ewu sesasi, lan sore bisa mulih,” mengkono ngendikane Bu Marto ngyakinake.

“Inggih inggih... mbenjing sonten kula sowan wonten ndalem.” “Yawis rebut cukup, tak njaluk pamit”, ngendikane karo menyat saka lenggahe.

“nDherekaken lho Bu ....”

Yu Ginah nguntabake tamune tekan lurung cilik ngarep omahe. Karo lumaku bali dheweke mikir-mikir apa sing wis dingendikakake Bu Marto mau. Lagi wae arep mlabu ngomah, Ratmi tanggane adu gedheg takori,

“Ngapa Yu .... bu Marto mau?”

“Oh nganu .... butuh rewang, nggo momong wayahe,” wangsulane karo marani Ratmi.

“Butuh rewang? njur mau nari kowe?”

“He-eh,” wangsulane cekak.

“Lha kowe gelem ora Yu.”

“Aku isih nyuwun wektu, arep mikir ndhisik.”

“Rene, rene tak kandhani!” kandha ngono kuwi Ratmi karo nggeret tangane Yu Ginah dijak lungguh ing lincake.

Ratmi banjur crita akeh-akeh sing nyebabake rewange Bu Marto kuwi padha ora krasan. Jalaran mantune, ya garwane mas Tejo kuwi kejaba crewet, seneng nyubriyani, uga sujanan, Mulane sing ndherek

150