Kaca:Panjurung.pdf/166

Kaca iki durung katitiwaca

Wengi kuwi Yu Ginah ora bisa turu kepenak. Pikirane isih mangu- mangu, apa sing bakal ditindakake. Kamangka sesuk kudu wis menehi keterangan marang Bu Marto. Yen ngelingi butuhe tansaya akeh, yakuwi kanggo ngragadi anake sing wis arep nempuh Ebtanas, tekade wis kenceng nedya nyaguhi. Nanging yen kelingan critane Ratmi, bali kendho. 'Apa kira-kira dheweke bisa ngladeni mantune Bu Marto sing jare judhes kuwi?

Esuke ... atine Yu Ginah wis golong-gilig arep sowan Bu Marto lan njatnyambutgawe ing daleme. Mula sawise Sumini mangkat sekolah, embokne mau uga age-age budhal menyang daleme Bu Marto.

“Kulonuwun ....”

Yu Ginah thingak-thinguk, Dalem gedhe mau katon sepi. Mula YuGinah banjur nyedhaki jendhela sing menga, karo ngambali uluk salam Jan nothok jendhela. Dumadakan “Guk guk guk guk ...” Sing anguk- anguk jendhela malah klangenane Bu Marto. Asu herder gedhene sak wedhus nyander-nyander. Yu Ginah mlayu sipat kuping karo kamigilan

152