Kaca:Panjurung.pdf/21

Kaca iki durung katitiwaca

BATHANG Kuswandi Kertarahardja

Watara seminggu Pak Karso bingung kepriye carane supaya kewan sing jenenge tikus kuwi ora tansah ngganggu omahe. Saben wayah, ora awan utawa bengi, tikus-tikus mau gawe mangkel atine Pak Karso. Wis coba ta, pitik kuthuk kang cacahe sepuluh kok bisa mati kabeh. Kuwi mau ora liya mung dipangan tikus. Malah ana tikus wirog sing gedhe banget. Gedhene meh matikel loro karo marmut,

Pak Karso saya mangkel meneh anggere nyimpen lawuh mesthi ilang. Kalah dhisik karo tikus. Ya ana tempe, gereh, iwak pitik goreng, endhog dadar, lan lawuh liyane.

Cekak aos Pak Karso kepingin tikus-tikus mau ora ngganggu maneh. Awan bengi ora tansah nyolong pangan. Pokoke tikus mau kudu mati. Empuh kepriye carane. Mula saiki Pak Karso mbat-mbatan karo bojone.

“Kepriye mBokne, dipasangi jepretan wae, pa?” pitakone Pak Karso sinambi nglinthing rokok klembak menyan, mBok Karso sing lagi nyusur mangsuli kanthi sareh, “Lha, mbok ben ta? Wong tikus golek pangan kok dipateni.”

“Kowe ki, edan apa gendheng? Aku kuwi omong tenan, ora dolanan. Lha, kok le wangsulan manut udele dhewe!” celathune Pak Karso rada anyel.

“Bok ben urip. Lha wong tikus sing gaweyane nyolong wae ora mung ana njeron omah. Galo, Pak Lurahe dhewe saiki ya sugih. Kuwi ya merga Pak Lurah dadi tikus. Gaweyane ngrikiti!” celathune mBok Karso ngeyel.

“Lha, kok malah nglantur tekan Pak Lurah, kuwi nalare gek priye?”

“Ora dhong ya wis ta, Pak!”

Pak Karso meneng sedhela. Dheweke nggagas omongane bojone. Pancen, Pak Lurah saiki sugih banget. Pak Karso wis tau krungu yen dhuwit bandes, pajak, lan dhuwit kas desa jarene dipangan lurahe kabeh. Yen manut kabar sriwang-sriwing, Pak Lurah korupsi. Malah tau ana

7