Kaca:Panjurung.pdf/22

Kaca iki durung katitiwaca

polisi sing teka neng omahe Pak Lurah. Ananging tekan saiki, babagan sriwang-sriwing mau ora ana kabar sateruse. Pak Lurah isih tetep ngantor kaya adate. Pak Carik, Pak Dhukuh, lan pamong liyane biasa-biasa wae. Sajak kaya durung tau ana kadadeyan apa-apa.

Ora let suwe Pak Karso menyat saka amben. Dheweke lunga klepat. Sawise mbako mlebu slepen, Pak Karso enggal lunga. Dheweke mangkel merga bojone mrekitik nalika diajak rembugan.

“Menyang endi, Pak Ne?” pitakone mBok Karso sawise nyopot mbako susur saka lambene. |

“Lunga! Tuku jepretan tikus!”

“Oh, ... edan, diajak ngomong malah klepat!” guneme mBOK Karso ana njeron ati.

sekak

Saiki Pak Karso katon lega. Dheweke bakal bisa mateni tikus. Sing dituku dudu jepretan, nanging endrin. Nalika tengah wengi, racun mau ditlesepake ana njeron pangan supayane tikus sing bakal mangan mesthi mati. Embuh kapan tekaning pati, Pokoke kudu mati. Dheweke jengkel tenan karo sing jenenge tikus.

Saiki klakon tenan ora ana meneh tikus sing kluyuran. BOk menawa padha wedi yen saiki Pak Karso masang racun. Mula tikus- tikus sirg isih urip ora wani mara meneh, Dheweke protes lan unjuk rasa kanthi mogok mangan. Tikus-tikus mau padha susah, melu bela sungkawa awit kancane wis ana sing mati. Malah nganti bosok dirubung singgat Jan laler. Ambune nggambreng setengah mati. Pak Karso bingung enggoné nggoleki ana ngendi bathang mau,

Pirang-pirang dina Pak Karso lan mBok Karso nggoleki bathang tikus. Ndhuwur lemari, ndhuwur gentheng, ngisor amben digoleki ya 0ra ana. Malah saiki Pak Karso diuring-uring bojone.

“Sokur, salahe sapa kewan urip kok dipateni?” celathune mBok Karso ngenyek sajak sengkring yen dipagas.

“Kepriye?” Pak Karso mripate mendelik. Bojone, ora sida kena dhamprat utawa dipisuhi, Mangka saben dinane misah-misuh yan atine Pak Karso lagi jengkel. Kabeh jeneng kewan metu saka lisane. |

8