Kaca:Panjurung.pdf/23

Kaca iki durung katitiwaca

Ora let suwe bathang tikus sing ambune nggambreng wis ketemu. Jebulane ana ndhuwur pyan plastik. Saiki Pak Karso enggal njupuk andha sing diselehake ana mburi omah. Kanthi rada abot sethithik, Pak Karso manggul dhewe andha mau. Abot entheng ora perduli, sing penting bathang wis ketok. Cetha wela-wela. Senadyan ambune kaya mengkono, Pak Karso nekad arep njupuk lan mbuwang bathang mau, merga pirang-pirang dina iki anggere mangan arep luntak awit gandane bathang tikus.

Andha kasil dipasang, disendhekake saka. Sawise tekan ndhuwur, Pak Karso gujengan usuk utawa blandar, Kethawil-kethawil. Tangane ora tekan ngranggeh. Pak Karso maju sethithik, tangane ganti cekelan usuk. Saiki tangan sijine ngranggeh bathang mau nganggo uthik. Kethawil- kethawil, bathang tikus durung bisa dijupuk. Tangan sijine ndredheg. Ucul anggone gocekan usuk.

“mBokne ...!!!” bengoke Pak Karso.

Brug! Pak Karso tiba. Pyan plastik jebol. Usuk sing dienggo gujengan jebulane wis gapuk. Saiki tugel. Pak Karso tiba nyekakar. Bathang uga wis kasil dijupuk. Ambegane Pak Karso menggeh-menggeh. Seseg banget.

Ngerti bojone tiba, mBok Karso mbengok tulung-tulung. Tangga teparo padha teka. Gemrudug. Kabeh padha kepingin nulungi Pak Karso. Ana sing golek banyu putih, ana sing njupuk obat merah, gawe kopi panas lan uba rampe liyane. Pak Bari cepet-cepet golek taksi sawise didhawuhi Pak RT.

Tangga teparo padha bingung, mBok Karso nangis ngguguk. Pak Karso ora gelem diombeni. Dayane lemes. Pucet banget. Getihe isih dleweran. Ana sing metu saka irung, saka sirah, lan ana sing metu saka kuping.

Marto pijet sing gawene mijeti nyoba mijeti sakabehing awak, nanging durung ana bedane. Pak Karso isih meneng wae. Ambegane saya rekasa. Kempas-kempis.

Keprungu swarane mobil, Pak RT banjur ngungak saka lawang. Mobil taksi wis teka. Pak Bari cepet-cepet mudhun saka taksi.

“mBokne ...!”” celathune Pak Karso alon banget. Keprungu dheweke diundang, mBok Karso enggal nyedhak.

“Priye, Pakne! Gawa menyang rumah sakit, ya?” pitakone mBok

9