Kaca:Panjurung.pdf/25

Kaca iki durung katitiwaca

DHEWEKE LAN DHEWEKE

Theresia Yuniaryani

Jam pelajaran sekolah sing kaping pitu lan wolu watara jam rolasan pancen sawijining pacoban tumrap murid-murid. Hawane panas, awak wis krasa kesel lan ngantuk, isih kudu nggatekake pelajaran. Semono uga Wiwid, sawijining murid kelas loro SMU iku, lagi aras-arasen nampa pelajaran Matematika sing gurune kondhang galak.

Byar! Ngantuke Wiwid ilang sanalika. Ing ngarepe ana kertas untel-untelan sing dibandhemake dening sapa, Wiwid ora ngerti. Tangane Wiwid alon mbukak kertas sing pranyata sawijining layang, nanging mripate ora kedhep ngawasake pak guru, mundhak konangan yen ora nggatekake pelajaran.

“Badhalidhi sedhekodhaladhah medhengkodho yadhal! Nudhumpadhak modhotodhorkudhu tudhur madhampidhir nedheng nggodhonedhe padhak Kridhiyadha widhis. Podhakodhokedhe kudhududhu gedheledhem! Sadhakadha Jodhokodho.”

Pancen layang sing mangkono iku sing kerep dienggo murid nalika lagi pelajaran awit pancen aman, arepa konangan guru nanging guru ora bakal ngerti isine. Surat iku isine mangkene.

“Bali sekolah mengko bareng ya! Numpak motorku, tur mampir meng nggone Pak Kriya wis. Pokoke kudu gelem! Saka Joko.”

Sawise maca surat kuwi Wiwid mengo ana panggone Joko. Joko mung ngedhepake mripate sing sisih kiwa. Wiwid banjur mecucu. Pak Guru sing mulang, mlaku ana ngarep mejane Widid. Leli kanca samejane Wiwid nyikut-nyikut Wiwid.

“Wid, kena apa tutukmu kuwi?” ngendikane Pak Guru gawe kagete Wiwid sing lagi wae madhep mburi. Wiwid mangsuli nanging karo ngampet isin.

“Anu, menika wau mm .., wonten laler mencok dhateng pipi lajeng kula gusah sarana ngajengaken tutuk awit tangan kula saweg nulis, Pak!”

Ora bisa diampet murid-murid liyane padha ngguyu kemekelen. Kelas sing anteng iku dadi pating cruwit ora karu-karuan. Dhasare

11