Kaca:Panjurung.pdf/26

Kaca iki durung katitiwaca

kesempatan kaya ngono asring digunakake murid-murid kanggo leren olehe pelajaran. Sok-sok diterusake clekopan sing marahi tambah gayeng. Pokoke yen ana murid siji sing nylekop banjur bisa keterusan yen gurune ora bisa ngrampungi.

Bel sekolah muni. Pancen iku sing diantu-antu dening murid- murid. Sawise sembahyang bareng banjur pating glodhag ngangkat kursi ing mejane. Lawang kelas dadi suk-sukan padha rebutan metu saka kelas. Nanging isih ana sing kober jungkatan lan pupuran barang, ora ngrewes manawa ana kanca lanang utawa wadon ngelokake utawa nggodhani.

“Wid, Wiwid... ayo bali!” pambengoke Joko wedi yen kelangan enggok. Keprungu uga pambengoke Wiwid aweh wangsulan, ananging swara iku ora pati cetha awit kasilep swarane kanca-kanca liya sing ya padha umyek dhewe.

“Ko ... tak enteni neng cedhak gerbang wae ya, ben gampang olehe metu mengko!”

yya

Joko pancen wis suwe ngesir Wiwid. Kabeh tangkepe marang Wiwid nduweni teges yen Joko ketarik marang Wiwid. Lan saiki Joko kasil ngejak Wiwid dolan. Pancen sawijining wektu sing langka bisa ngejak cewek sing dadi favorit ing kelas. Wiwid sing ayu, ireng manis, pinter, lan dadi idhola sakelase mungkin uga sasekolahan. Ah ... ndaiba senenge bisa dadi kanca rakete, Mangkono lamunane Joko karo nuntun sepedha motore tumuju ing gerbang sekolah. Sacedhake gerbang Wiwid wis ngenteni Joko.

“Ayo Wid, gek mbonceng!” prentahe Joko karo nguripake motore banjur nglebokake neng gigi siji. Wiwid nyengklak mbonceng. Montor banjur nggeblas, diplayokake Joko. Sadalan-dalan kekarone mung meneng. Amem. Kikuk arep mbukani rembug, mangka menawa ana sekolah bisa bebas ora sarwa kikuk kaya saiki.

Ing warunge Pak Kriya, Wiwid mudhun. Joko markirake motore banjur ngejak Wiwid mlebu kanggo pesen maem lan mimike, Sawise pesen kekarone metu milih panggonan sing isih sela lan sing ora pati rame. Warunge Pak Kriya iku kondhang bakso urate. Kursi lan meja ora ana ing njero warung kaya liya-liyane ananging ana plataran sing jembar lan akeh wit-witane. Dadi saliyane bisa ngicipi bakso urat sing enak bisa

12

|