Kaca:Panjurung.pdf/33

Kaca iki durung katitiwaca

“Ning isin, apa wedi?”

Endah ora wangsulan, mung ndhingkluk sajak wedi.

“Mengko yen wis umbar wae!” ujare Pak Sabar kebak pangerten.

Endah bali mapan lungguh, nanging atine meksa durung kepenak. Yen nganti durung ngaturake isine pikiran marang bapak wali kelase.

Sawise Pak Sabar priksa bab kahanane Suprihatin nuli nemoni guru BP.

“Bu, bocah kelas 3A ana masalah.”

“Sapa bocahe lan apa masalahe?”

“Ngene Bu, Suprihatin iki wis pirang-pirang dina rak ora mlebu sekolah, mangka kelas 3, sedhela maneh EBTA.”

Bu Siti mrayogakake marang Pak Sabar supaya ngendhangi menyang omahe Suprihatin bokmanawa mengko bisa oleh keterangan sing gamblang. Pak Sabar nanggapi ngendikane Bu Siti.

“Yaaja mung waline sing mrana, aku dikancani, Bu!”

“0... alah, Pak, nganti kaya bocah cilik, nyuwun dikancani.”

“Ya ora ngono, Bu, iki bab tugas dadi disangga bareng. Bu Siti minangka guru BP, idhep-idhep home visit. Lha aku wali kelase. Dadi, mengko awake dhewe mrana sekaliyan.”

“We...we... teneh sekolahan kene geger, ubur. Kae wali kelas 3A karo gurune BP pacaran!” Bu Siti nanggapi usule Pak Sabar. Sing ditanggapi banjur mrayogakake.

“Ya, wis ngene wae, Pak! Kanggo ngawekani lan jaga-jaga supaya ora ana gegeran, mangkene wae. Awake dhewe. dikantheni Endah.”

“Lho, kok Endah?”

“Endah sing menehi keterangan bab Suprihatin. Karo maneh dheweke iku rak tanggane tinggal sadesa.”

“O...ngono, ta. Ya wis tiba kebeneran.”

Bu Siti nerusake rembuge, “Jan-jane ki apa masalah bayaran sekolah apa masalah pribadi, Pak?”

“Saka pangiraku, kok dudu masalah bayaran sekolah.”

“Lha, banjur apa? Masalah pribadi?”

“Mesthine. Ngenani bayaran sekolah, saiki SPP wis ora mbayar,

19