Kaca:Panjurung.pdf/38

Kaca iki durung katitiwaca

HAMUK Agus Suprihono

Istingarah kaget nalika methukake bojone mulih saka nyambut gawe. Ngatijo, bojone kuwi jebul ora bisa omong. Najan ora bisu babar | pisan. Swara sing metu saka tutuke mung saukara, Kamangka dhek arep | mangkat nyambut gawe esuk mau isih kaya adate, Ngliling anake sing isih suson. Weling marang dheweke supaya ngati-ati sasuwene ditinggal lunga. Nanging saiki wis malik grembyang. Apa kampiran dhemit h prapatan lor kono, batine.

Tangga teparone sing krungu kabar lelarane Ngatijo enggal tinjo. Nakyinake bener lupute kabar sing enggal sumebar sakampung yen Ngatijo | ketaman lelara aneh. Mulih saka nyambut gawe mung bisa saukara. Tangga-tangga padha nakon-nakoni, ngajak guneman. Ngajak guyon, Ngajak gojek. Ning Ngatijo mung menehi reaksi siji saka tutuke. Tembung saukara sing gawe geter patere ati kabeh sing krungu. Ngatijo mung bisa guneman “Hamuk!”

“Kuwi bokmenawa rak tom-tomen wayang mau bengi,” | kandhane salah siji tanggane. “Mau bengi wayang nggon radio nglakokake | Ranjapan Abimanyu. Si Ngatijo mesthi tom-tomen para Kurawa anggone | ngranjap Abimanyu nganggo tembung hamuk. .. hamuk... hbamuk. ..!” |

“Bisa uga,” sambunge tangga liyane, “Bisa uga kelebon roh arwahe Dursasana.” |

“Bok ya enggal diikhtiyarke ta, Is,” kandhane salah sijine tanggane | maneh. “Bokmenawa yen kencokan dhemit Ngepreh,”

“Lha njur ikhtiyar menyang endi, Lik?” pitakone Istingarah bingung karo njejelake susune marang lambene anake,

“mBah Suro, ben diwenehi banyu bening.”

Ati bingung njalari ora bisa mikir yen ing kampung kono ana paranormal sing asring tetulung, Istingarah lagi kelingan marang mBah 5. : Suro sing kodhang bisa nambani sadengah lelara, Dheweke rumangsa | 5 pancen kudu ikhtiyar kaya sing dikandhakake tanggane mau. Mula sorene dheweke ngajak Ngatijo menyang omahe mBah Suro. Anake sing isih | suson diajak pisan, merga yen ditinggal ora ana sing momong. Tekan

Wa


24