Kaca:Panjurung.pdf/41

Kaca iki durung katitiwaca

mari tenan?”

“Uwis, lha kae wis bisa nembang.”

Lik Marto nilingake kupinge kanggo ngrungokake swara saka jero omah.

“Jo? Jo? Wis mari kowe, Le?”

Keprungu swara tembang saka njero omah, swarane Ngatijo, Lik Marto mesem.

“Ah, ya sukur nek wis mari tenan kowe, Jo. Wis ya Is. Aku dakenggal menyang omahe mBah Suro.”

Kocapa, nalika Istingarah krasa yen Ngatijo ora bisa nyuwara liya kejaba mung nembang, dheweke enggal menyang omahe mBah Suro. Lik Marto wedok isih ana kono saperlu nunggoni bojone sing lagi wae rampung anggone nglakoni oprasi. ;

“Lho, kok kowe nusul, Is?” pitakone Lik Marto wedok.

“Kowe, nDhuk,” kandhane mBah Suro mbagekake tekane Istingarah. “Aku ngerti kowe arep takon ngenani kahanane bojomu, ta? Dakkandhani, saiki bojomu pancen lagi bisa nyuwara tembang thok. Besuk yen kahanan wis owah, dheweke bakal dakwenehi kaset sing luwih komplit, Saiki wong-wong sing lara kaya bojomu kuwi kudu duwe swara kaya ngono kuwi thok. Merga yen ora, wabah lelara mau bisa tekan ngendi-endi, Mangertiya, ya, nDhuk. Lehku mikir bab lelara kuwi wis suwe. Sadurunge aku nemokake tambane wujud kaset mau, aku wis ngadani pacoban makaping-kaping. Dadi sadurunge aku masang kaset ana gulune bojomu, aku wis masang ana gulu liya. Ayo, daktuduhake.”

mBah Suro ngajak menyang buri omah. Istingarah kinthil ana buri. Lik Marto wedok, bawane kepingin ngawruhi pacobane mBah Suro uga enggal melu tut wuri.

“Galo, pacobanku. Gulune wedhus sing wis dakoprasi lan pita swarane sing mung “embek”, wis dakganti,” mBah Suro nudingi wedhus sing dicencang ana wit gori.

mBah Suro pancen bisa gawe pangeram-eram: Kejaba para- normal, dheweke uga nguwasani teknologi perkasetan kang diarahake kanggo kemajuwaning ilmu kedhokteran. Istingarah lan Lik Marto wedok kamitenggengen krungu wedhus bisa nembang Satu Nusa Satu Bangsa. Nalika wong wadon loro mau krungu ana suwara liya, dheweke noleh.

27