Kaca:Panjurung.pdf/45

Kaca iki durung katitiwaca

“Bu, tindak PKK ora?” ngono kandhane.

"Ora, Ndhuk,” ngono wangsulanku, “ibu sayah.”

“Ya, Bu, ora pesen liyane?” kandhane.

“Ora, wis cukup ngono wae.”

Aku terus adus gebyar-gebyur. Wah, jan seger tenan. Awak sayah lan lungkrah ilang blas ora krasa maneh. Bubar adus salin dandan terus ngombe wedang. Wah, jan nikmat tenan. Uwong ki yen bisa menikmati apa-apa sing ditandangi, dirasakake temenan, ora ana barang susah ngrekasa, anane mung matur nuwun marang sing gawe urip, yaiku Gusti

Kang Mahakuasa.

31