Kaca:Panjurung.pdf/46

Kaca iki durung katitiwaca

GALUNGGUNG St. Fathonah

Udakara 18 taun kepungkur, jumedhere Galunggung kang ngedab-edapi gawe miris kabeh kang krungu. Sato kewan padha metu saka ngalas lumayu nrabas sawah lan tetanduran. Manuk-manuk pating gliber golek pengayoman amarga kegawa hawa kang banget panase. Ing wektu iku ora ana esem lan guyu, kabeh miris, sedhih, lan bingung. Swaraning wong-wong pating jlerit, pating glembor ...! Swara titir kang sesautan nambahi kekesing ati.

“Kiyamat ... kiyamat ...,” mangkono aloke wong-wong kang padha bingung, banjur padha mlayu nylametake awake dhewe-dhewe, nganti ora kober mikirake anak, bojo, bandha, lan sakpiturute. Ora maido sapa wae sing lagi ngalami pacoban, apa maneh bencana sing gedhe kayanjebluke Galunggung kuwi mesthi wae njalari judheg, bingung, malah uga linglung. Nganti arep nyaut anak bae kleru bantal. Kuwi bisa wae kedadeyan amarga linglung dadakan. Kabeh ora bisa nata atine. Sarwa kesusu anane.

Semono uga aku sing ana Yogya kene melu-melu mbingungi lan was-was, pikirane tansah ora jenjem. Mlayu mrana mrene saperlu golek kabar bokmenawa ana wong kang kagungan layang kabar sing anyar. Angger omah daktakoni. Dene yen pinuju ana layang kabar anyar aku njlimet olehe nggoleki jeneng-jenenge korban sing wis bisa dievakuasi. Radhio uga daksetel sora bokmenawa martakake jeneng-jenenge para korban Galunggung iku.

“Dhuh... Gusti ... mugi paring kekiyatan dhumateng kula ...saha paringa sih kawelasan dhateng gegantilaning manah kula. Awit nembe kalih wulan menika piyambake labet tugas kabenum dados guru SD ing wilayah Garut punika ...,” ndremimil anggonku ndedonga marang Pangeran, nyuwun pitulungan.

Wektu semana aku uga ngaruhake nganggo layang tumuju SD Cisewu, papan dununge tugas guru Mas Juki. Pisan, pindho, nganti ambal kaping telu, ora ana balesan babar pisan. Aku nglenggana awit kahanan

32