Kaca iki durung katitiwaca
Juki ing Garut, ora kasil. Aku nglokro ..., apa ya kedadeyan aku dadi prawan tuwa? Kaya-kaya anggonku dedonga marang Pangeran tan kendhat, geneya durung diparengake panyuwunku?
Ing sajroning kebingungan, ana salah siji priya sing merak ati, kaya-kaya ngerti kabeh isen-isening atiku. Saya suwe saya luluh atiku, aku kepranan. Priya kuwi njalari tuwuhe kembang-kembang tresna sing meh wae alum tan siniram banyu. Mbaka sethithik, aku nglalekake Mas Juki, aku ngronce kembang-kembang tresna mau kanthi rasa asih.
Ya wiwit iku, kembang tresnaku sangsaya ngrembaka, aku mbangun bale wisma karo priya sing luwih banget daktresnani. Saiki wis nuwuhake momongan loro sing manis-manis.
34
samian
Mkamgpananngundh aranan sani isan
me ang gaene an;
= iba