Kaca:Panjurung.pdf/5

Kaca iki durung katitiwaca
ATURSAPALA

Para kadang, para maos, lan para sutresna basa lan susastra Jawa, kita tansah ngucap puji syukur alhamdulillah awit buku kang asesirah Panjurung: Antologi Crita Cekak bisa kababar kanthi lancar. Buku kasebut mujudake kumpulan crita cekak asil karyane anggota bengkel sastra Jawa tahun 1998. Bengkel sastra ing tahun iki mujudake sesambungan saka bengkel sastra Jawa tahun 1997. Bedane, bengkel sastra tahun iki mligi ngrembug crita cekak. Kegiyatan kang disengkuyung dening Balai Penelitian Bahasa iki diadani saben dina Ahad wiwit tanggal 9 Agustus tekan 11 Oktober 1998, mapan ing kantor Balai Penelitian Bahasa, Jalan I Dewa Nyoman Oka 34, Yogyakarta. Dene anggota kang nyengkuyung kegiyatan iki dumadi saka para guru bidang studi basa Jawa SLTP ing Dhaerah Istimewa Yogyakarta cacahe 30 lan anggota sanggar sastra Jawa Yogyakarta uga 30.

Sanadyan anggotane cacah 60, crita cekak kang kasil kamot ing antologi iki cacah 29 judul. Bab iki ora marga dipilihi utawa diseleksi bobot isine, ananging pancen karya kang mlebu ya mung samono iku, sebab ora saben anggota mesthi ngracik utawa ngarang crita cekak. Awit saka iku, kita kang mandhegani tansah njaluk pangapura sebab ora kabeh karya kang disuguhake ing antologi iki bisa mitayani.

Antologi crita cekak iki bisa klakon kababar awit pambiyantu saka panjenengan kabeh. Mula ora lali, kita ngaturake gunging panuwun marang (1) Drs. Suwadji, Pangarsa Balai Penelitian Bahasa ing Ngayogjakarta, Dra. Sri Widati, Koordinator Subbidang Sastra, sarta Drs. Slamet Riyadi, Koordinator Subbidang Pembinaan dan Pengembangan kang wus ngrancang lan ngayomi anane kegiyatan bengkel sastra Jawa iki; (2) Sedulur A. Y. Suharyono lan sedulur Kuswahyo S.S. Rahardja, loro-lorone pengarang Jawa kang wis kondhang saka Ngayogjakarta, minangka tutor kang wis ngesok lan nyuntak pengalaman kanggo para anggota bengkel sastra; (3) Bapak Sri Sadono, dramawan lan seniman saka Ngayogjakarta, lan Abbas Ch. minangka bintang tamu kang wis paring pengalaman babagan cara-cara pemanggungan lan pemaosan crita

cekak; sarta (4) kabeh para anggota lan panitia bengkel sastra Jawa

iii