Kaca:Panjurung.pdf/51

Kaca iki durung katitiwaca

“E, kanca-kanca delengen Narto wong ndesa khotbah” wangsulane Anton, disambung kanca genge nyuraki. Kanthi ora sadhar, sipat lanange Narto njedhul, Narto ngampleng Anton sakayange nganti Anton tiba ana njogan kelas, glangsaran. Anton banjur tangi lan bisa males njotos pipine Narto. Ya amarga lagi pisan kuwi Narto tukaran karo kanca, mula pilingane nganti mrempul lan menyonyo. Budi mung bengok- bengok amarga tangane dicekeli karo komplotane Anton.

“Anton, ayo antem luwih atos. Ayo antem ...,” surake komplotane Anton manasi swasana.

Dumadakan Pak Sukri rawuh ana kelas iku, banjur misah Narto lan Anton kang padha gelut ana papan kono. Pak Sukri kuwi guru Matematika kang mulang kelas III. Banjur bocah loro kuwi digiring menyang kantor BP. Pak Sukri pancen guru kang wicaksana. Ora let suwe apa kabeh sarane rumasuk. Narto lan Anton bisa rujuk maneh.

“Nar, aku njaluk ngapura amarga aku wis gawe larane atimu,” kandhane Anton karo ngulungake tangane njaluk ngapura.

“Ora dadi ngapa, An, aku ya salah mung nuruti hawa nepsuku

">

wae. Bocah loro padha salaman. Sabanjure diterake menyang ruang

UKS amarga tatune anggone gelut mau.

Jam sekolah wis rampung. Murid liyane wis padha bali. Narto lan Budi mulih bareng. Ana dalan Budi mung meneng wae.

“Bud, kok meneng wae kena apa, kowe mikir apa? Sapa ngerti aku bisa mbantu,” pitakone Narto.

“Nar, aku njaluk ngapura karo kowe. Aku iki kancamu nanging nyatane aku ora bisa nulungi kowe ana kelas mau,” Budi nerangake sagamblange bab kahanane dheweke wektu iku.

“Yawis, Bud, aja dadi pikiranmu. Aku ngerti kabeh, wisrampung saiki, lan apik dadine,” Narto wangsulan nglegakake atine Budi,

Budi lan Narto pisah ana prapatan desane Narto. Narto nyritakake marang simbokne kedadeyan mau awan ana ing sekolahan kanthi abot.

“Ya wis, sesuk aja dibaleni, Nar!” wangsulane simbokne Narto nuturi.

Banjur Narto mlebu kamare lan salat Dhuhur. Ora krasa Narto wis meh rampung anggone sekolah ing tingkat SMP lan wis bisa ngasilake