Kaca:Panjurung.pdf/53

Kaca iki durung katitiwaca

Mangkate Narto menyang Jakarta diuntapake simbokne lan si Sri, adhine siji sing isih kelas 5 SD, tekan stasiun. Sawise padha sesikepan tandha pepisahan, Narto banjur munggah ana ing sepur. Ora let suwe sepur wis mlaku ngadoh lan saya adoh banget mung ketok nyamut-nyamut. Tangane simbokne Narto lan Sri kemlawe katon lungkrah lan lemes, nanging jroning ati katon seneng lan mongkog.

Sawise tekan Jakarta, Narto kelingan marang simbokne banjur kirim layang. Layang sepisan wis ditampa dening simbokne Narto lan Sri. Narto ngabari menawa wis krasan lan akeh kancane ana ing sekolahane. Narto uga ngabari yen Jakarta akeh omah kang gedhe lan magrong-magrong. Dalan-dalan akeh kang alus lan rata, beda banget karo ana ing ndesane. Saben sasi Narto kirim layang menyang omahe.

Wis limang taunan dheweke sinau ana Jakarta. Lulus SMA dheweke mlebu Akabri amarga sing diimpi-impi wiwit biyen kepengin dadi jenderal. Dhasare bocah lantip lan trengginas, apa sing dadi gegayuhane bisa kaleksanan kanthi wektu kang cepet tinimbang kanca- kancane. Narto minangka pangembating praja bisa kasil.

Narto kepengin bali ana ndesane kang wis diangen-angenake pirang-pirang taun suwene. Ana ndesane saiki wis akeh kang owah. Dalan-dalan wis alus, padhang, lan nengsemake ati. Ana tengah ndesa Narto ketemu karo Pak Lurah lan Budi, nanging Pak Lurah ora pirsa lan Budi uga ora ngerti yen kuwi Narto bocah lugu saka ndesane kana. Sawetara padha pandeng-pandengan pungkasane. Budi kelingan banjur nggapyuk Narto. Pak Lurah mriksani karo mbrebes mili tandha trenyuh.

“Bapak melu seneng banget, Mas Narto, dene saiki wis ketok asile anggone prihatin lan nrima, saiki lenggah ana ngendi?” Pak Lurah katon mongkog mriksani Narto kang gagah nyandhang pangganggo dhines, arep balik tilik wong tuwane, “wis kana enggal tekan ndalem dhisik, gek ndang ketemu simbok, mengko yen wis sela pinarak ya ing ngomahku ayo mbacutake anggone crita.” Durung kober nakoni kahanane Budi, Narto sajak gita-gita kepengin ketemu simbokne, jangkahe dicepetake. Sedhela wae wis tekan ngomah. Lagi wae mlangkah lawang Narto wis cingak kahanan omahe kang wis tumata, katon resik. Durung nganti takon, simbokne nggapyuk Narto karo trenyuh merga seneng atine.

“O Allah, Le, kowe wis bisa tekan ngomah tenan kanthi slamet,

39