Kaca:Panjurung.pdf/54

Kaca iki wis dikorèksi

maturnuwun Gusti! Piye kabare? Oh, ya dhuwit kirimanmu kae dakenggo ndandani omah iki. Ya iki asilmu, Le”

“Inggih sampun, mBok,” jawabe Narto cekak

Sawise leren sawetara, Narto nuli crita yen satemene tujuwane anggone bali arep ngajak simboke lan adhine pindhah menyang kutha.

“Ora, Le, aku wis tuwa. Kari pirang dina umurku. Aku ya wis seneng banget kowe bisa urip mulya ana kutha. Dene aku dakana kene wae nganti sapatiku manggoni pusaka warisane bapakmu. Ya mung wae welingku, yen wis urip kepenak ana kutha aja lali karo lemah wutah getihmu, sedulur-sedulurmu, kanca-kancamu, lan aja lali karo desamu. 'Ajanganti kacang lali karo kulite!” ujare simbokne Narto ngemu piweling.

Narto mikir sedhela. Kabeh meneng. Ing njero omah swasanane nyenyet, ora ana sing cecuwit. Narto mbenerake apa piwelinge Mbokne iku, dheweke nampa panolake simbokne kanthi ora gela. Malah-malah kabeh mau ditampa kanthi senenging ati minangka wejangan kang 014 bakal dilalekake sateruse kanggo nggayuh laku mulya.


40