Kaca:Panjurung.pdf/56

Kaca iki durung katitiwaca

b

| “Apa berase dhek anu kae wis entek?” pitakone Marno. “Lehmunempur telung kilo kae rak wis seminggu luwih ta, Pak?

Gek maneh aku wis ditagih utang karo yu Ginah lho, Pak. Kapan leh arep nyambut gawe maneh kuwi?”

“Aku ya wis takon-takon. Bokmanawa ana aku ya banjur nyambut gawe. La ya ora ana je, Nem.”

“Kowe wis nganggur rong sasi, nanging anggonmu mangan rak ya ora nganggo leren, ta?”

“Ya cetha ora, yen aku leren nggonku mangan rak mati aku, Nem.

“Wiwit kowe dikon leren kae, apa pabrik ki ya ora gawe kain meneh pa, Pak?”

“Lha iya isih, nanging sing dikanggokake rak ya sing kalebu se- nior kuwi.”

“Jarene biyen yen wis leren bakal diundang nyambut gawe meneh, lha kapan kuwi, Pak?”

“Bokmenawa suk yen krisis moneter iki rampung.”

“Kapan rampunge, Pak?”

“Ah... ya embuh, Nem ....?

“Lho yen kowe ya embuh le nyambut gawe, rak ateges embuh anggone mangan ta, Pak?”

Marno bingung krungu pitakone sing wedok, mula dheweke mung meneng wae sajak ana kang dipikir.

Marno dheleg-dheleg ing emper omah, karo nyawang gegodhongan kang obah kena angin. Ocehing Wilis keprungu santer amarga weruh sing ngingu lungguh mogok-mogok, kaya-kaya arep takon geneya Marno ngalamun lan meneng wae.

“Pak... Pak ..., piye iki, arep ngliwet apa ora?” pitakone Satinem.

“Utanga beras nggone Yu Tirah kana dhisik!” wangsulane Marno

“Banjur le nyaur suk kapan, Pak?”

“Wis ta, kon utang beras kok malah mung crigis. Gek menyang kana, mumpung anakmu turu.”

“Lha iya aku ki gelem wae utang, nanging Yu Tirah rak ya ngerti yen kowe saiki ora nyambut gawe, malah utange awake dhewe ing kiwa tengen, ya wis okeh.”

42