Kaca:Panjurung.pdf/57

Kaca iki durung katitiwaca

“Iya ... ya, mengko yen Yu Tirah takon, kapan le nyaur, wangsulana yen telung dina maneh daksaur.”

“Kok telung dina piye ta, Pak, Iha njur dhuwite sapa sing arep koenggo nyaur kuwi?”

“Kowe ora perlu ngerti, sing baku kowe menyanga nggone Yu Tirah golek utangan beras, gek diliwet, selak ngelih jare.”

Tanpa wangsulan maneh Satinem banjur bablas golek beras karo sajak bungah atine, amarga sesuk bakal ngliwet maneh. Tekan nggone Yu Tirah banjur omong apa perlune. Yu Tirah uga percaya ngono wae tanpa ditakoni werna-werna, senajan dheweke satemene uga gumun, ing atase sing lanang ora nyambut gawe kok wani golek utangan.

Marno sing ditinggal bojone golek utangan, turon ing lincak njero omahe, karo kethap-kethip pikirane temlawung, “Gek apa sing arep dakenggo nyaur utangku besuk, ya?” pitakone jroning batin. “Nyolong wae, kuwi rak wis beres,” wangsulane batin sijine, Marno bingung. Sirahe krasa mubeng, buyer. Nganti sing wedok teka, dheweke isih klesetan ing lincak-karo ngrasakake sirahe sing isih mumet lan wetenge sing sangsaya ngelih.

Sing wedok banjur tumuju ing pawon saperlu ngliwet beras sing lagi wae entuk anggone utang.

Ora let suwe keprungu swara tangise Thole, anake. Marno arep menyatnulungi anake sing lagi tangi, nanging awake lemes, sirahe mumet, ora kuwat mlaku amarga ngelih.

“Piye ta, Pak, anake tangi kok malah mung klesetan,” panyentake Satinem karo mbesengut.

“Aku mumet, Nem. Wis gek ngliwet kana,” wangsulane Marno tanpa melek.

Satinem banjur nggendhong Thole, kareben meneng. Let setengah jam, liwete wis mateng. Satinem banjur undang-undang sing lanang.

“Pak ... gilo wis mateng segane.”

“Ya... jupukna pisan, Nem. Gawanen mrene,” wangsulane.

“Iki, Pak, nganggo uyah, ya?”

“Ya saanane Nem, sing penting ana segane.”

Marno banjur cekekal-cekekal tangi lan nampani pring isi sega

43