Kaca:Panjurung.pdf/58

Kaca iki durung katitiwaca

uyah. Telap-telep anggone mangan, tanpa dimamah lan tanpa dirasakake, mula sedhela bae sega ing piring mau wis bablas. Marno lagi duwe daya | maneh. Dheweke banjur tangi, dheweke banjur kelingan marang Wilis kang kawit esuk mau durung diwenehi ngombe. Wilis digawa neng mburi sakurungane saperlu diisi banyu omben ing papane. Wilis katon seneng | banget, mula banjur mabur-mabur munggah-mudhun kaya-kaya arep ngaturake panuwun marang Marno.

“Lis-Wilis kowe mung dakwenehi banyu bae katon anggonmu seneng. Nah, saiki kowe kudu gawe leganing atiku,” ngono grenenge Marno. Marno kaya dielingake dening pikire, Mula dheweke banjur ngadeg |

4 |

Wenara ngengani abane

nyat, kaya duwe kekarepan kang makantar-kantar, Gita-gita anggone | mlaku, lunga ninggalake Wilis ing ngisor

“Mangga,” keprungu wangsulan saka njero. 4

“Kula nuwun.” j

“Eh ... kowe ta, Le?” wangsulane Budhe Darma sing metu mbagekake tekane Marno.

“Inggih Budhe, anu ... Pakdhe wonten, Budhe?”

“0... Pakdhemu, ana ... arep ketemu?” ki

“Inggih,” wangsulane cekak aos,

“Ya ... dakaturane. Lungguha dhisik, Le!”

“Inggih, Budhe, matur nuwun.”

Marno ditinggal mlebu karo Budhe Darma, saperlu n gundang Pakdhe Darma. Ora let suwe Pakdhe Darma ketebang-ketebang saka njero, banjur ngedikane,

“0... kowe ta, Le?”

“Inggih, Pakdhe.”

“Kok njanur gunung, ana apa, Le?”

“Inggih Pakdhe, saderengipun nyuwun pangapunten. Anu ... Pakdhe estu badhe ngersakaken peksi oceh-ocehan kula?”

“Lha piye ta, Le, apa kowe wis jeleh?”

“Nek jane niku nggih boten jeleh, ning utang kula kathah, ajeng | kula ngge nyaur utang, Pakdhe!” |

“0... ngone, lha arep bok dol pira, Le?”

“Ah mangga Pakdhe sakersane. Njenengan rak pirsa pinten regi peksi kula nika.” BK