Kaca:Panjurung.pdf/59

Kaca iki durung katitiwaca

“Seket pa, piye?” pitakone Pakdhe Darma.

“Nggih ditambah sekedhik, Pakdhe!”

“Yawis, sewidak.”

“Nggih, kula pendhete riyin.”

“Ya wis sakarepmu.”

“Nggih, kula nyuwun pamit riyin, Pakdhe,” wangsulane Marno karo lunga. Anggone mlaku sajak entheng, atine bungah bakal nampani dhuwit sewidak ewu, kamangka biyen manuk kuwi anggone oleh blandhangan. Karo ngguya-ngguyu dheweke tumuju omahe.

Bali seka omahe Pakdhe Darma, Marno banjur njujug omah mburi. Nemoni sing wedok lan bakal dikandhani yen dheweke wis antuk dhuwit, Sing digoleki jebul wis nglempus ana paturon ngeloni Thole, anake lanang. Marno ora perduli, banjur klepat nyat njujug ana kurungane si Wilis. Njenggirat! Njola sanalika meruhi kahanan kurungane Wilis wis suwung, Lawange menga ngegla. Wilis Ilang? Wilis lunga? Wilis dipangan si Meong, kucinge tanggane sing wis bola-bali gawe mangkele Marno. Apaaku sing lali nutup kurungan nalika ngombeni mau? Mangkono isen- isening pikire Marmo karo kamitenggengen ana sangarepe kurungan sing kothong ditinggal sing manggon. Marno ndomblong! Sapa sing ngerti tekane rejeki yen Wilis sing didama-dama bakal nulung nasibe saiki wis ucul seka kurungan?

45