Kaca:Panjurung.pdf/60

Kaca iki durung katitiwaca

REMBULAN KANG NGATONAKE SUNARE Yudha



Ana ing sasi Maulid, Taun Alip 1931, kutha Ngayogyakarta tambah regeng, awit ana ing sasi kuwi kaya padatan Kraton Ngayo- gyakarta ngadani upacara tradhisional kang diarani Sekaten. Yen ana karamean mangkono iku, kuli tinta age-age anggone mburu pawarta.

Semono uga Alamanda, kuli tinta sawijining surat kabar; uwisi/ nyawisake buku cathetan lan ballpoint ing kanthong roke. Bengi iku tanggal 29 Juni 1998. Miturut jadwal kegiatan upacara tradhisional Kraton Ngayogyakarta wis ditemtokake, yaiku Miyos Gangsa Kagungan Dalem Kanjeng Kyai Guntur Madu lan Kanjeng Kyai Naga Wilaga saka Kraton tumuju Masjid Agung Ngayogyakarta.

Ya bengi iku Alamanda ketemu petugas keamanan anggota kepolisian Ngayogyakarta kang jenenge Winanto kang manganggo sandhangan preman, kajibah njaga katentreman ana ing kukuban alun- alun lor sajroning pasar mlem prayaan Sekaten,

“Badhe tindak pundi, Jeng?” Winanto aruh-aruh karo mesem.

“O0, badhe wonten Keben,” wangsulane Alamanda.

“Lho kok piyambak?” Winanto takon maneh.

“Injih, sampun kulina kok.”

“Lha menawi badhe tindak Keben sareng kula,” mangkono pargajake Winanto.

“Oh... njih, Iha mangga,” wangsulane Alamanda.

Sajroning mlaku tumuju Keben, Alamanda ing batin nggagas, apa wong iku klebu wong kang becik, mengko gek wong kang ora becik. Aku kudu ngati-ati.

Ana ing dalan, wong loro ketemu karo kancane Winanto kang | manganggo sandhangan polisi komplit kang nyritakake yen diwenehi jejibahan njaga ana ing pos keamanan Jalan Trikora.

Alamanda lagi percaya yen wong kang ana cedhake iku petugas kepolisian, apa maneh bareng sedhela-sedhela omong-omong karo kancane nganggo alat Handy Talky sing digawa.

Wong loro mlaku karo pitepungan, let sedhela wis rumaket kaya

46