Kaca:Panjurung.pdf/68

Kaca iki durung katitiwaca

sing nuntun pit banjur disendhekake neng ngiringan ngomah. Tumuli gawan kang gumandhul aneng setang digawa mlebu ngomah didadekake siji karo gawan liyane. Kakang njujuk godhakan tengah karo ngundang aku, | “Met, gilo ngombe dhisik! Iki mau dakgawekake wedang teh, nganti meh 34 adhem, ayo sinambi ngaso!” ; “Kosik, Kang, aku salin klambi dhisik. Bocah-bocah ki padha nyang ngendi ta, Kang?” “Lho... apa mau ora kepethuk?” h “Ora ki, kepethuk nyang ngendi?” | | “Sapungkurmu mau bocah-bocah pamit nyusul menyang pasar, || boncengan cah loro.” ||

|

“Gek nyang ngendi, ya?”

“Wis ben lah, mengko rak ya mulih, wong wis kulina.” |

Rampung salin, aku nyedhaki kakang lungguh, sinambi nyaut teh | sing isih manget-manget. Durung rampung anggonku nyruput teh, | keprungu ana dayoh teka. h

“Kula nuwun ...” ;

“Mangga, 000 ... Darma, kene Ma, mlebu kene!”

“Inggih ... inggih, nyuwun sewu.”

“Iya, iya kene, sing kepenak wae! Met, njupuka gelas diiseni gula sisan, gawanen mrene! Iki diilingi neng kene!”

“kepareng matur, rebat cekap kemawon, Pakdhe.”

Priyen;

“Sedaya dhawuh Pakdhe sampun kula estokaken, sedaya sami sagah.” , 6

“Yahh ... nuwun banget aku, ning wedange karo diombe!”

“Lajeng badhe mlempak wanci jam wolu enjing, njujug wonten pategilan ingkang kangge damel griya.”

“Dhik Darma arep njujug ngendi?” pitakonku sumela.

“Aku njujug kene, Mas, arep nggawa ceret lan dandang kanggo nggodhog wedang.”

“Yen ngono bareng aku wae, ning rada digasiki!”

“Yaa, Mas. Kejawi menika Pakdhe, gandheng sampun cekap menggah ingkang dados kabetahan kula, kula nyuwun pamit. mBok bilih kirang trapsila sowan kula, nyuwun pangapunten.”

54