Kaca:Panjurung.pdf/7

Ana masalah nalika ngorèksi kaca iki
SARWA SETHITHIK
Kuswahyo SS Raharjo

Bengkel Sastra Jawa kang diadani dening Balai Penelitian Bahasa Yogyakarta, klakon kaleksanan kanthi lancar lan becik. Penulis kang kadhapuk dadi tutor (bareng karo Mas A.Y. Suharyono), sedina sadurunge pembukaan banjur gawe “strategi — awit tutor mung krungu manawa pesertane para guru—kepriye becike kang bakal dinadarake ana parepatan kuwi. “Strategi” mau awujud sawijining tugas: para peserta diwajibake gawe cerkak, sabisa lan sadadi-dadine sabubare acara pembukaan. Intine, para peserta bengkel sastra kudu dirogoh lan di-“taker” kadigdayane ing babagan ngripta cerkak

Bab kuwi ora nalisir saka ancas tujuwan Balai Penelitian Bahasa, dene kersane mono supaya (1) para peserta bengkel sastra banjur padha bisa ngripta cerkak kang sabanjure ditularake marang para siswane lan sokurbage ing tembe buri ana kang dadi pangripta kondhang; (2) sarampunge kegiayatan bengkel sastra, kudu ana asile yakuwi wujuding antologi cerkak karyane para peserta,

Saka “strategi” kuwi, tutor kang mujudake “mekanik”, banjur ngerti kepriye nyatane “kemampuan” para peserta mau. Tugas kang bakal digarap banjur katon semrawang utawa malah wela-wela.

Dene para peserta kang umume para bapak lan ibu guru, kang jebul satemene ora mligi guru bahasa lan sastra (Jawa), yektine ora bisa diarani babar pisan durung bisa ngripta cerkak, sanajan pancen ya ana siji loro kang katone[?] isih kosong blong ing babagan pangriptan. Bab kuwi bisa katilik saka[?] “karya-karya pertama” nalika parepatan bengkel sepisanan.

Mula penulis banjur nemoake apa kang kudu “dibengkel”/ didandani amarga wus kawiyak babagan apa wae kang satemene pancen perlu di-“bengkel”. Ngendi kang isih kurang lan isih ringkih saudhege cerkak. Tutor banjur mangerteni kanthi trawaca.

Sepisan, para peserta umume durung ngerti kanthi bener lan pener kepriye cara ngripta cerkak kang samesthine. Bab kuwi katon saka “karya

pertama”-ne peserta kang isih pating gladrah. Penulis ngelus dhadha.

v