Kaca:Panjurung.pdf/73

Kaca iki durung katitiwaca

“Jane Marina ki ya wis kuliah ing Jakarta, ning kok bosen njur kepingin kuliah ing kene. Iki mau aku saka Semarang, kabeh padha sehat.”

“Lha, kersanipun Mas Dono?” aku nerang.

“Kuwi ngene Dhik, nek sliramu ora kabotan, aku ndherekake Rina iki kira-kira seminggu ana kene, piye? Ya kuwi mau, kanggo golek sekolahan.”

“Saget, Mas,” wangsulanku tanpa dakpikir merga aku ngelingi yen sing njaluk tulung kuwi sedulure sisihanku.

Sawise rembugan rampung lan dirasa cukup, Mas Dono mundhut pamit kondur menyang Jakarta, arep nitih sepur mbengi.

“Rina, kowe sak kamar karo Amik, ya? Merga kamare mung pas-pasan,” kandha ngono aku terus natakake dhipan sing ana kamare Amik.”

“Gampanglah, Tante, aku turu neng ngendi wae bisa, kok,” wangsulane Rina ngenaki ati, sing marahi nicil ayem. Ya sanajan rada pekewuh lan sabisa-bisane aku omong, lha wong Jakarta je, gek ora bisa basa Jawa. Maklum wiwit cilik nganti semene gedhene lagi ketemu saiki. Aku nate krungu lan dicritani sedulur sing ana Semarang, yen putrane Mas Dono ki ana sing dadi artis, pemain sinetron ... apa ya Rina iki?

“Amiknya wis kuliah, Tante? Lan saiki neng ngendi?”

“O ... durung Rin, isih klas II SMU, saiki lagi tante utus neng eyange, ngirim lauk. Sedhela meneh rak teka ... dheweke isinan Iho, Rin. Yuk, saiki ing kamar, kowe bisa ganti pakaian lan ngaso,” pangajakku karo njunjung kopere, dakgawa mlebu kamar.

Dodot, anakku sing cilik bali saka omahe kancane, nggarap prakarya. Weruh gelas-gelas ana kamar tamu banjur takon,

“Ana tamu, Bu? Sapa tamune?” Dodot njupuk mete, diamem.

“Ana, Dot, Mbak Rina putrane Pakde Dono sing ana Jakarta, panjenengane kuwi sedulure bapakmu tunggal eyang, dadi kowe karo Mbak Rina ki tunggal buyut ngono. Mbak Rina ana kene arep golek sekolahan, jare seneng kuliah neng Yogya.”

Dodot mung monthak-manthuk karo aa...o, maklum bocah SD. Semono uga olehku ngandhani Amik, nalika wis bali saka nggone eyange. Malah takkon sing semanak lan ora clingus isinan karo tamune, kareben saya rumaket pasedulurane, sapa ngerti suk ketularan dadi artis kondhang.

59