Kaca:Panjurung.pdf/74

Kaca iki durung katitiwaca

Wus wayah makan malam Rina tetep ora metu saka kamare, bok menawa ; wae kesel lan sayah. | Dina candhake. Wis jam sepuluh awan Marina durung metu saka | kamar, durung tangi. Ha, ya, mau bengi mulih diterake mobil kinyis- kinyis | sing nyopiri wae bagus sanadyan umur-umurane meh padha karo bojoku. | Aku rada kaget ning ora wani takon, sapa ta tepungane mau. Jan-jane Hi Marina pancen grapyak akeh pengalamane ing jagad modheren, disco, | kenal artis iki-artis kae, uga blaka karemane ngrokok kuwi ora bisa diilangi. | |

Sapandurat aku pancen ngungun, weh ya ngene iki ta ponakane Mas Manto? Saiki, aku kepeksa ndhodhog kamare karo undang-undang. “Rinaa ... Wis awan lho, tangi ... sarapan yuk, kari sliramu Iho | sing durung maem,” batinku nggrundel, wong namu kok bisa-bisane tangi | ngepluk, gek prawan pisan, cah apa iki? |

“Aaah ... sedhelet, Tante ...,” krungu wangsulane sajak karo | ngulet. Esuk kuwi daksiapake sega goreng lawuh rempela ati, sanadyan | sing kanggo anak-anakku cukup endhog dadar, Gandriiiik ... metu saka kamar Marina nganggo baju tidur transparan. Tujune ngomah sepi, yen anak-anakku padha weruh gek njur kepiye?! Ana kamar mandhi suwene ora njamak -njamak, embuh ngapa. Merga aku banjur ubeg reresik kamare | Dodot. Weruh-weruh wis neng ruang makan, ilang-iling sarapan sing wis | daksiapake, weruh aku Marina kandha, “MaafTante ... Rina nggak selera makan iki, gampanglah Tante, Rina maem njaba wae, iki aku rada kesusu | ana janji karo kanca, Tante ora sah repot-repot,” kandhane tanpa mikir | yen atiku banget tersinggung.

“Ya, kuwi kabisane tante, Rin. . ngono kuwi yen anak- anake tante ora nakal maem apa anane, abang turut tante wis marem,” kandhaku kanthi kelara-lara. Bubar nutupake tudhung saji ing meja makan, Rina mlebu kamar. Metune wis nganggo clana dawa ketat, kaos sing dhadhane mbleweh, sepatu jinjit methit, nyangklong tas pacakane menor, karo wira-wiri dheweke takon.

“Neng kene ana tilpon, Tante?” |

“Nggak ana Rin, gaji Ommu ora cukup kanggo pasang tilpon,” wangsulanku wis wiwit atos. Jeneh, jare arep golek sekolahan apa kuliah, | ning kok dandanane kaya ngana, gek baline bengi-bengi, gek diterake | om-om. Bocah apa ta, iki?!

60