Kaca:Panjurung.pdf/75

Kaca iki durung katitiwaca

“Yen numpang tilpon neng tangga, isa ora ya, Tante?”

“haya mbuh ya, wong tante ki ora tau tilpon-tilponan. Yen pingin tilpon ana ing prapatan dalan gedhe iki, tilpon umum,” wangsulanku nekad.

“Eah, getun deh Tante, Bang Aler sing ngeterake aku mulih wingi arep menehi pager wae daktolak. Lha yen arep butuh taksi, Tante?” pitakone Marina sajak kepenak wae, ora ngrasakake yen aku nggondhuk.

“Ya, ngadhang neng ratan gedhe, yen ana taksi liwat banjur distop,” wangsulanku karo wegah-wegahan.

“Yaah.., yenngono tulung deh Tante, Tante adhangke neng ratan banjur kon mrene, Rina sing nanggung mbayare. Aja kuatir Tante, merga Rina nggak kuat panase srengenge, alergi bisa rusak kulit Rina mengkone.”

We, lha, edan tenan, saya nranyak bocah iki. Ra butuh aku direhke tamu sanadyan ponakan, mula wangsulanku, “Ra isa Rin, tante ora bisa merga isih akeh gaweyan sing kudu dakrampungake, tante arep masak

kanggo anak-anake tante ...,” banjur aku gage mlebu pawon. Marina nututi neng pawon karo kandha, “Ya, wis lah Tante, Rina metu dhisik, ana janji penting!” p

Sapungkure Marina mau, embuh menyang ngendi, lan janjian karo sapa, aku thongo-thongo neng ngarepan. Atiku mangkel, lara lan sebah. Batinku getun dene aku kok gelem ketitipan. Ha, ya, piye tamu kok ngereh sing duwe omah. Ora perasaan, gek tanpa sopan santun, karo anak-anakku ora ngrewes. Jare golek sekolahan ... ah, mbuh.

Bengi candhake, Rina lan Amik wis padha neng kamar wiwit sore, mbuh, kadingaren kok bengi iki ora tindakan. Neng sekesuk nganti awan metu, aku ya wis ora mikir banget-banget bab maeme. Kira-kira jam wolunan Amik mlebu kamarku karo nggawa buku, ulate mbesengut.

“Bu, aku bobok kene wae karo Ibu ya, aku wegah karo Mbak Rina. Dheweke ngrokok Bu, aku ora betah karo kebule.”

“Saiki Mbak Rina wis turu apa durung?”

“Ibu ki, ya genah durung, isih ngolak-alik buku, daklirik ta, gambare saru-saru, Malah kae mau ngobong kertas sing wis diolesi bubuk putih saka plastik, njur diomba-ambu, aku ya dikon nyoba, aku wegah. Bar kuwi kok banjur ngguya-ngguyu dhewe. Aku wedi, mula njur rene Bu, ih... cah ayu-ayu kok ngrokok ya, Bu?”

61