Kaca:Panjurung.pdf/76

Kaca iki durung katitiwaca

“Yoh...yo.. wis, bobok karo ibu wae Mik, saiki sinaua mengko” gek mapan.” Aku banjur mateni TV kareben Amik ora keganggu olehe sinau. Rampung sinau, Amik turu ing sisihku. Sidane aku mung gedabikan mikirake tamuku. Wis arep entuk patang dina sesuk. Esuk sadurunge budhal sekolah, Amik kandha, “Bu, tamune gek kon bali wae, aku dadi” ora bebas'sinau neng kamar. Yen tamune ora ndang bali, mengko aku ora mulih lho, Bu. Aku dakmulih neng nggone eyang wae.” Rampung kandha, Amik ngesun tangan banjur budhal sekolah; polatane katon susah. | O0, mesakake anakku Amik. Aku kudu tegas. Timbang anakku ora mulih, | aku kudu mentala ngusir tamuku mau. Perkara mburi embuh mengkone. | Wong jarene golek sekolahan, kok senengane lunga nganti mbengi, 0ra | tau maem ngomah, gek ora perasaan pisan. Wayah awan dakdeleng Marina wis siap metu. Dandane kaya padatan. Apa ya ngono kuwi arep golek sekolahan? Lan dhasare wiwit dina kapisan Rina ora tau saba | omah. Ning dudu kampus sing digoleki. Embuh olehe peparan, aku emoh ngurus.

“Rina, tante arep omong sethithik, ya,” pangundangku.

“Apa ana sing wigati, Tante? Apa becike mengko wae, soale | wektuku mepet ki, janjianku karo tepunganku kudu jam iki Iho!” |

“Ora Rin, pokoke saiki .... Kene lenggah dhisik,” aku meksa.

Bareng wis lingguh aku kandha kanthi sareh. Muga dheweke | ngerti tenan.

“Rina, apike wiwit saiki sliramu nginep wae neng hotel apa losmen, merga bar Maghrib, eyangnya Amik arep ngajak kita kabeh ngaruhake sedulur sing lara ana ndesa, Lan baline kapan durung ngerti, merga ya | ana sing arep ewuh pisan. Rak ora kabotan ta, Rin? Apa meneh dhuwitmu ya akeh, rak iya ta?” kandhaku setengah nundhung.

“Aah..., ora kok tante, kuwi luwih prayoga kok, Rina ya krasa yen gawe repote Tante. Yen ngono daksiap-siap wae, pamit ya Tante, matur nuwun gawe repot Tante wae yen mulih mbengi,” kandha meng- kono Rina ora katon nesu apa tersinggung, jan etel wae.

Sak suwene Rina tata-tata neng kamar, kepara malah omong dhewe monthak-manthuk karo muni “yaa”, “oke”, “oke”... nganggo piranti sing ditempelake ing kuping lan lathine. Apa kuwi sing diarani tilpon genggam ... apa pager sing nate ditawani saka Bang Alek kae?


62