Kaca:Panjurung.pdf/78

Kaca iki durung katitiwaca

SAWISE TELUNG TAUN

Rengganis

Telung taun ora mudhik jebul akeh banget owah-owahan ing desa kelairanku kuwi. Owah-owahan iki dakrasakake nalika wiwit mlebu kutha. Pembangunan ing desa kelairanku katon maju. Dalan-dalan katon mulus wis padha diaspal. Kendharaan pating sliring, reja banget: Malah saka kutha tekan desaku iki wis dibukak; trayek kendharaan umum, arupa angkutan pedhesaan. Lan sawayah-wayah pengin menyang kutha gampang Lan saiki wis ora ana bedane karo desa-desa liya kang luwih

maju. Listrik lan PAM uga wis mlebu desa. Pomahan pendhudhuk ing | sakiwa tengene dalan bangunane anyar-anyar kanthi modhel spanyolan. |

Omah sing tingkat ya wis ana. Semono uga antene parabola uga ana sing wis duwe. Apa maneh antene TV biasa, wis tanpa wilangan. Aku rasane gedheg-gedheg nrenyuhi pesate perkembangan ing desa kelairanku iki.

Pranyata ing wektu kang mung telung taun wis klakon nyulap desa sing |

maune kekiwa, saiki wis dadi desa modheren apa-apa sarwa tumata.

Era modhernisasi lan informasi bener-bener wis sumusup ing kene. Sing kena diarani ora owah utawa ora ana perubahan yaiku

kahanane Simbah. Dhasar manggone rada mlebu, omahe panggah lawas,

modhel joglo latar jembar. Barang anyar sing katon saka njaba mung |

pipa kabel listrik lan antene TV biasa. Simbahku klebu priyayi sugih, Kejaba dalem joglo lan latar jembar uga pekarangane amba saarat-arat. Pekarangane sisih lor lan wetan kebak tanduran gedhang, dene sing sisih kidul kulon isi tanduran kopi, liyane ditanduri woh-wohan. Sawahe amba, nganti diburuhake utawa disambatake bau liya. Gek mangka putrane mung papat. Saiki wis padha mapan kabeh. Bapakku, putrane sing mbarep, sing dadi pamong desa putrane cacahe enem. Putra enem mau wis padha mencar kabeh golek pangan dhewe-dhewe. Putrane Bapak sing WIS padha mentas kabeh lan padha mencar ana ing kutha lan suwe banget ora tahu mulih yaiku putra nomer siji sing neng Timor-Timur lan putra nomer lima, ya aku dhewe, sing mulang neng SMP Pangudi Luhur, Yogyakarta. Sasuwene aku ora tau mulih, Simbah Kakung lan Simbah Putri nampa tekaku kanthi kabungahan. Telung taun ora ketemu. Aku

64