Kaca:Panjurung.pdf/8

Kaca iki durung katitiwaca

Weladalah! akeh sing “ora muni”.

Kapindho, saka reriptan para peserta kuwi, tutor banjur bisa caos jurus-jurus kang praktis senajan sithik-akeh uga nlesepake babagan teori. Malah dikantheni uga conto-conto lan cara-cara prasaja kepriye mletikake geni kreativitas, kang banjur njurung marang peserta tuwuh krentege ngripta cerkak.

Katelu, saben-saben parepatan tutor luwih nengenake praktek tinimbang ngulas babagan teori. Praktek ing kene uga nyenggol bab pembacaan karya lan langsung nggiring panemu lan tanggapan para peserta liyane. Dadi akeh-sithik uga supaya para peserta tuwuh gregete “menyosialisasikan” sastra, mligine cerkak.

Sawise parepatan kaping telu kaping pat, katon wis padha wiwit ngripta cerkak. Penulis yakin manawa para peserta mau sejatine gampang banget dibimbing. Katilik saben minggune saperangan mesthi ana kang mbengkelake karyane.

Karya-karya kang di-“bengkel'-ake dening tutor banjur dicaosi komentar, “pelurusan”, kepriye prayogane, lan sapanunggalane. Lan ing parepatan candhake, cerkak-cerkak kuwi dibalekake. Ing minggu sabanjure kuwi, uga ora sethithik peserta kang masrahake cerkake supaya “diudhal-udhal” tutor. Saka kono, pangripta pirsa ana babagan endi kekurangan lan keringkihan karyane. Mangkono proses “penyuluhan” marang peserta kang lumaku sajroning bengkel sastra iki.

Asile bengkel iki (sawise 8— 10 parepatan) gawe bungahe tutor. Amarga rong gadhangan kang dadi kersane Balai Penelitian Bahasa Yogyakarta bisa kasembadan kanthi becik. Wiwit parepatan kalima, para peserta katon wis bisa ngripta cerkak. Uga, antologi kang sakawit rinasa sajak angel dadi kanyatan, pranyata uga kelakon kababar.

Yen ditintingi kanthi temenan, cerkak-cerkak ing antologi iki bisa kasebut luwih saka lumayan. Awit, akeh ing antarane pangripta kang lagi sepisanan nulis cerkak, senajan ana uga kang wus rada kulina lan kulina nulis ana ing kalawarti.

Jeneng-jeneng kaya Kuswandi Kertarahardja, Buddy L. Worang, Warisman, Rita Nuryanti, Agus Suprihono, Wakidi, J. Kusumadi, Slamet Hariyadi, Akhir Lusono, lan sawetara liyane, katon wis luwih rancag mgeripta sanajan ing babagan bobot durung mesthi luwih monjo. Dene

n

vi