Kaca:Panjurung.pdf/83

Kaca iki durung katitiwaca

DALAN KANGGO BALI Warisman

Budi kaget. Ora kaya adat saben, Pak Parjo bareng ngerti yen sing teka Budi, lawang banjur ditutup maneh. Kuwi wae, olehe nutup banter. Jedher!

“Omah iki karam diambah bajingan kaya kowe!” keprungu swarane Pak Parjo ing suwalike lawang.

“Lho Pak, wonten menapa?” Budi ora dhong.

“Ora sah kakehan pitakonan. Kancamu sing jenenge Tarmo wingi mrene. Njlentrehake sapa sajatine kowe. Mula wiwit dina iki, omah iki karam yen koambah. Sesambunganmu karo Tuti pedhot!”

Kaya disabet kupinge Budi krungu kandhane Pak Parjo. Getihe Budi munggah, raine abang, ketege jantung tambah rikat. Tangane nggegem gethem-gethem.

“Kurang ajar si Tarmo, apa karepe?”

Sikile Budi wiwit jumangkah ninggalake omah kuwi. Ora sida ketemu Tuti, bapakne Tuti ora ngolehake omahe diambah. Budi ora ngerti, Tuti wis ngerti apa durung bab iki?. Budi uga ora ngerti kepriye tumanggepe Tuti marang dheweke.

“Underaning perkara ya si Tarmo. Yoh, aja takon dosa!” grenenge Budi.

Budi enggal nyengklak motore. Mesin dibengokake, kopling dicul, gas disendhal wani. Bradhat motor mlayu rikat. Budi mlayokake motore kaya wong kesurupan. Dhasare Budi pancen trampil numpak motor. Ewasemono, wong liya padha keri, milih minggir menehi dalan.

Ancasing ati mung siji, enggal ketemu Tarmo banjur ngajar bedhes kuwi entek-entekan. Motor diplayokake menyang njaban kutha. Lumebu dalan padesan sing ora di aspal tanpa nyuda bantêre motor. Wong desa sing nyumurupi misuh-misuh lan memuji ala marang Budi. Naging ora dipaelu.

Metu saka desa banjur menyang bulak. Dalan ciut pating gronjal tetep diambah kanthi rikat. Sing dijujug omah cilik ing sikiling gumuk kapur. Tekan papan sing dituju, lawange omah enggal ditendhang dening Budi. Lawang menga!

69