Ing njero katon ana wong telu lagi lungguhan dolanan kertu. Tanpa || guneman apa-apa, Budi banjur marani salah siji saka wong kuwi. Kepelane /| || sumiyut ngenani raine salah siji saka wong sing lagi dolanan kertu mau. 5
“Tarmo! Karepmu apa, he?” Budi santak. |
“Mengko dhisik, Bos, iki ana apa?” Tarmo pitakon karo ngelus- elus pipine sing ketiban kepelan.
“Aja api-api ora ngerti; Kowe kandha apa karo Pak Parjo, he?”
“Pak Parjo sapa?” Tarmo takon maneh,
“Bangsat!” Budi karo arep ngrangsang Tarmo, naging wong loro | liyane banjur nyekeli Budi. |
“Sabar dhisik, Bos,” salah siji saka sing nyekeli Budi nyarehake. ||
“Ooo, sing dikarep Pak Parjo bapake Tuti, ta? Aku mung kandha | yen kowe bosku,” kandhane Tarmo. 4
“Kowe pancen bangsat tenan. Yen kowe seneng karo Tuti kandha wiwit biyen sadurunge aku lan Tuti sesambungan raket,” kandhane Tarmo sereng. h
“Dudu bab kuwi, Bos,” Tarmo ngguyu.
“Yen dudu bab kuwi, banjur apa!”
“Yen butuh wanita, aku bisa oleh sing luwih ayu tinimbang Tuti. | Sing dadi perkara , Bos, bareng kowe ketemu Tuti, sesambungan sangsaya
raket, duwe niyat arep omah-omah, banjur kowe duwe niat ninggalake 4 aku sakanca.” |
“Hiya, marga aku kepingin urip kaya wong lumrah. Kaya liyane. |
Malah yen bisa, aku uga arep ngajak kowe ninggalake panguripan kaya 1] sing ditindakake awake dhewe saiki iki,” kandhane Budi. “Bos... Bos. Omong kuwi gampang, cak-cakane sing angel. Aja ngimpi sing dhuwur-dhuwur, Saiki jaman angel, lagi golek dhuwit kanthi karam wae angel, apamaneh kanthi cara kalal. Awake dhewe sis kulina oleh dhuwit kanthi gampang lan gunggunge akeh. Lha kok ndadak || reka-reka golek cara liya sing dalane angel kamangka durung karuwan || kena dirasakake asile.” 4
“Mo, senajan dalane angel, nanging yen dalane bener, upama olehe mung sethithik, nang ati menehi rasa marem, tentrem. Ora kaya awake dhewe saiki, arepa nyekel dhuwit akeh, rasane ati ora tentrem marga carane oleh dhuwit ora bener.”
70